Panemtu Penyelak ing Basa Jawa
Merry
Crista
A. Purwaka
Panyelak sajrone basa Jawa kerep diprangguli ing
ukara-ukara pawarta lan ukara pakon. Panyelak nduweni teges nyelak, nyrekal,
utawa nampik sawijine perangan sing ana ing ukara kanthi tujuwan kanggo nyelak
perangan sing dadi panemtu sajrone ukara saengga ngowahi teges.
Ing
kene bakal dijlentrehake
ngenani panemtu panyelak sing bisa kadadeyan ing ukara pawarta lan ukara pakon.Panemtu kang awujud panyelak ing ukara pawarta isih
perlu ditliti jalaran durung akeh pamarsudi basasing ngandharake kanthi cetha
ngenani panemtu kang awujud panyelak iki. Akeh-akeh pamarsudi basa mung
ngandharake ngenani panemtu utawa ngenani panyelak, tanpa ngandharake kanthi
cetha pamerange panemtu adhedhasar gunane lan panemtu kang awujud panyelak.
Kaya makalah dening Leginem kapacak ing kalawarti Basa lan Sastra Widyaparwa
taun 1999 lan wis ditampilna nalika diskusi ilmiah dening Balai Basa
Yogyakarta, Nurhayati Siti taun 2015,
Nurhidayati Alfiyah taun 2015. Mula ing makalah iki bakal diandharake kanthi cetha
ngenani guna panemtu sing diselak.
Makalah iki
nduweni tujuwan kanggo ngandharake lan njlentrehake topik, banjur nggolongake
jinise. Makalah iki diajab
bisa menehi kawruh lan nuduhake tujuwan saka
panemtu
nyelak ing basa Jawa. Ing
babagan elmu, makalah iki supaya bisa disampurnane utawa dingrembakake amarga
ing makalah iki namung diandharake panemtu panyelak kanthi cacah 6. Saliyane
iku amrih makalah iki bisa digawe sarana sinau kanggo kanca-kanca kang sinau
basa.
B. Andharan
Ing njero makalah iki bakal nyethakake telung
isi, yaiku teges, titikan, lan
pamerange. Teges
ing kene kanggo ngerteni makna panemtu panyelak ing basa Jawa. Titikan ing
kene tegese kanggo nengeri panganggone panemtu nyelak ing basa Jawa. Dene pamerang ing kene bakal nuduhake
perangan-perangan saka panyelak.Supaya luwih
cetha bakal diandharake kaya ing ngisor iki.
1. Tegese Panemtu Panyelak ing Basa Jawa
Panemtu yaiku tembung utawa klompok
tembung kang gunane kanggo nyethakake idhentitase tembung aran. Panemtu
minangka perangan saka semantik kang gunane kanggo negesake makna. Titikane
panemtu kanthi cara semantik ana sesambungane karo frasa aran. Panemtu kalebu
sajrone generalisasi quantifier yaiku tembung kang nuduhake cacah amarga
panemtu ing kene ngandharake ngenani cacah sajrone tembung utawa ukara. Panemtu
nduweni sipat yaiku nyelarasake teges sajrone ukara sing nduweni makna umum dadi
luwih khusus. Panemtu ing kene bisa arupa tembung panyelak. Determiner
utawa panemtu panyelak ing basa jawa nduweni guna medarake gagasan kanthi luwih
cetha kanthi sarana nyelak tembung-tembung kang kurang trep. Cundhuk karo teges
panemtu panyelak sajrone ukara pawarta lan ukara pakon, ukara pawarta iku ukara
wedhare gagasane manungsa, tumuju marang wong kang dijak guneman, supaya ngerti
apa wae kang diwedharake, dene ukara pakon iku wedharing gagasan wong kang
guneman tumuju marang wong kang diajak guneman supaya nglakoni pakaryan.
Determiner utawa panemtu panyelak
ing basa jawa nduweni guna medarake gagasan kanthi luwih cetha kanthi sarana
nyelak tembung-tembung kang kurang trep. Cundhuk karo teges panemtu panyelak
sajrone ukara pawarta lan ukara pakon, ukara pawarta iku ukara wedhare gagasane
manungsa, tumuju marang wong kang dijak guneman, supaya ngerti apa wae kang
diwedharake, dene ukara pakon iku wedharing gagasan wong kang guneman tumuju
marang wong kang diajak guneman supaya nglakoni pakaryan.Panyelak sajrone basa Jawakerepdiprangguli ing
ukara-ukara pawarta lan ukara pakon. Panyelak nduweni teges nyelak, nyrekal,
utawa nampik sawijine perangan sing ana ing ukara kanthi tujuwan kanggo nyelak
perangan sing dadi panemtu sajrone ukara saengga ngowahi teges.
2. Titikane Panemtu Panyelak ing Basa
Jawa
Panyelak utawa panyrekalan kalebu
salah sijine cara agawe nyangkal, nampik, nyrekal, mbantah, nyelak, utawa
nentang makna ukara kanthi cara diseselake tembung panyelak sajrone ukara kang
dimaksud (Sudaryono, 1993:32). Tembung panyelak bisa digawe ing sisih kiwane
wasesa, ing sisih kiwane cacah, lan ing sisih kiwane aran. Tembung panyelak
utawa tembung ingkar bisa digunakake sajrone ukara tunggal utawa ukara majemuk.
Yen digunakake ing ukara tunggal, tembung panyelak bisa nyelak, nyrekal utawa
nampik kabeh ukara, nanging yen digunakake sajrone ukara majemuk tembung
panyelak mung bisa nyrekal utawa nampik klausa utama.Panemtu panyelak nyrekal
wasesa ukara kang awujud tembung kriya saengga tegese dadi negatif utawa ora
ditindakake.
Jinis-jinise panemtu panyelak ana 6,
panyelak “ora” nduweni titikan nyelak tembung aran lan katrangan, bisa
katrangan panggonan utawa kahanan. Panyelak “dudu” nduweni titikan nyelak utawa
nampik tembung aran sajrone ukara. Panyelak “tan” titikane nyelak tembung kriya
sajrone ukara. Panyelak “tanpa” nyelak tembung aran lan tembung kriya sajrone
ukara, panyelak “wegah” titikane nyelak tembung aran sajrone ukara, kang
pungkasan yaiku panyelak “aja” titikane yaiku nyelak tembung aran sajrone
ukara.
Babagan liya ngenani panyelak lan pengingkaran
kang diandharake dening Ramlan (1982:109) kasebut kanthi klausa negatif. Ramlan
ngandharake yen klausa negatif yaiku klausa sing nduweni tembung–tembung
negatif kanthi gramatis njalari wasesa dadi negatif. Tembung panyelak iku kaya
dene “ora”, “dudu”, “tan”, “tanpa”, “wegah”, lan “aja”. Nyelak kaperang dadi
loro yaiku nyelak ukara lan nyelak bageyane ukara, nyelak ukara bisa gunakake
tembung–tembung panyelak kang manggon ing sangarepe gunane wasesa. Yen
nyelakbageyan saka ukara bisa gunakake tembung–tembung panyelak sing cocog lan
trep sangarepe unsur kang diselak utawa sangarepe salah sijine wasesa sajrone
ukara majemuk. Tembung–tembung panyelak ing basa Jawa yaiku ora, dudu, tan,
tanpa, wegah. Nyelak utawa nampik ing basa jawa nduweni makna sing bisa
dipindah–pindahake miturut tekanan utawa katrangan. Ing cakriking basa tulis,
ukara pawarta dipungkasi nganggo ukara titik utawa pada lungsi. Ing basa lisa,
wiramane kapungkasan sarana wirama mudhun. Topik bakal dijlentrehake jangkep
karo tuladha-tuladha minangka panggenahe siji mbaka siji. Kang bakal
diandharake ing ngisor iki.
3.
Jinis-jinise Panemtu Panyelak ing Basa Jawa
Pamerange Panemtu Panyelak Ing Basa Jawa
adhedhasar kahanan lak konstruksi kang ditampik kaperang dadi loro yaiku
panemtu panyelak kontradiksi kang sabanjure dicethakake maneh dadi 6 tembung
panyelak yaiku: dudu, ora, tan, tanpa, wegah. Sarta panemtu panyelak imperatif
bisa ateges menehi prentah marang wong liya ngenani apa sing ora kena dilakoni,
sabanjure jinis iki bisa dicethakake gunakake tembung aja.
1) Panemtu Panyelak Kontradiksi
Konsep umum panyelak yaiku oposisi
utawa panyrekalan salah sawijine kang kalebu panyrekalan yaiku kontradiksi.
Kontradiksi nduweni makna panyrekalan utawa nampik antarane rong samubarang
kang siji lan sijine sajrone ukara kang ditentang. Kontradiksi kalebu hakikat
saka panyelak. Panemtu panyelak Kontradiksi kaperang maneh dadi 5 tembung
panyelak, antarane bakal dicethakake ing ngisor iki.
1. Panyelak Kontradiksi “ora”
Tembung panyelak ora nyelak utawa nampik ukara kang nduweni wasesa aran, kriya,
sarta katrangan. Panyelak ora bisa digunakake sajrone ukara carita kanthi
tujuwan menehi wedhare gagasan tumuju wong kang diajak guneman supaya ngerteni
apa wae kang diwedarake.
(1) Dheweke ora ngepit, nanging mlaku(Jaya Baya, minggu IV Oktober 2013:22)
Wujud
Ses Fkr Fkr
Guna
J W P
Kalungguhan Pndk
Pnm Pnr
Tembung ora
nyelak wasesa kang awujud verba ngepit.
Wasesa ukara ing ndhuwur yaiku nggawa, uga awujud tembung kriya sing diselak
saengga tegese dadi negatif yaiku babar pisan ora ngepit, upama tembung selak ora
manggon sangarepe jejer dheweke (amarga tembung panyelak kudu manggon sangarepe
tembung sing diselak supaya ora ngowahi teges, tegese dadi ora dheweke, jejere ilang amarga dadi negatif). Saliyane nyelak
ukara ing ndhuwur uga menehi pawarta menehi crita, yen dheweke ora ngepit nanging
mlaku. Mula saka kuwi pawarta utawa crita diwenehake marang sapa wae sing
mbutuhake pawarta. Saengga panyelak ora bisa gunakake sajrone ukara carita.
(2) Olehe mangan yu Sri ora nyendok, nanging muluk.(Jaya Baya,
minggu IV Oktober 2013:28)
Wujud FAr FKr Fkt
Guna J W P
Kalungguhan
Pndk Pnm Pnr
Tembung ora nyelak wasesa kang awujud
adjektiva nyendok.Wasesa
ukara ing ndhuwur yaiku nyendok, awujud adjektiva utawa tembung kahanan sing
nerangake kriya olehe mangan. Panyelak ora
manggon sangarepe jejeg, ateges nyelak yen lungguhe bisa wae nglesot ora
bisa jejeg babar pisan, dene tembung panyelak manggon sangarepe tembung mangan“ora mangan” ateges ora nglakoni
pakaryan mangan, yen manggon sangarepe jejer “ora yu Sri” ateges ora yu Srising ditegesi mangane ora nyendok,
amarga tembung panyelak ndadekake makna negatif marang tembung sing diselak lan
kudune manggon sangarepe verbane.Saliyane nyelak guna wasesa saengga dadi
negatif tegese, ukara ing ndhuwur uga nduweni tujuwan liya yaiku menehi carita yen yu Sri seneng mangan muluk.
(3) Ibu ora dhahar roti, nanging sega(Jaya Baya, minggu III Oktober 2013:22)
Wujud TAr Fk TAr Fkt
Guna J W L P
KalungguhanPndk
Pnm Pngp Pnr
Tembung ora nyelak wasesa kang awujud verba
dhahar. Sing diselak sajrone
ukara ing ndhuwur yaiku wasesane ukara awujud verba, dhahar ateges dhahar ora
kelakon dening jejer, ora katindakake dening ibu. Coba yen tembung panyelak ora dipindhahake sangarepe jejer utawa
sangarepe lesan roti, nyelak anane jejer “ora ibu” ateges ora ana ibu, padha
karo ora ana jejere. Yen nyelak lesan “ora roti” ateges ora ana roti utawa “ora
roti” banjur apa yen ora roti sing dipangan ibu. Ukara ing ndhuwur awujud ukara
pawarta kang menehi crita, kabar marang pawongan sing katujukake, yaiku dhahare
ibu sega, ibu ora dhahar roti. Kanthi tujuwan sapa wae pawongan sing nyuguhi
utawa ngladeni ibuk ngerti.
(4) Toko mas kae ora adoh, kidule dalan (Jaya Baya,
minggu III Oktober 2013:36)
Wujud Far Fk FKt
Guna J W P
Kalungguhan
Pngp Pndk Pnm
Pngp
Tembung ora nyelak wasesa kang awujud adjektiva adoh.Wasesa sing diselak awujud kaanan, dadine “ora adoh” ateges panggonane
cedhak amarga anane wasesa adoh disrekal lan dadi negatif tegese. Kaya andharan
ing sandhuwure upama nyrekal jejer ateges jejere sing dadi negatif utawa dadi
ilang “ora toko mas” banjur toko apa yen
ora toko mas, teges negatif ngilangake makna tembung utawa gatra sing
disrekal. Ukara pawarta ing ndhuwur menehi teges yen jarak toko mas ora adoh,
cedhak saka panggonan wong sing ngomong.
(5) Kancane Ratih ora akeh, mung sethithik (Jaya Baya,
minggu III Oktober 2013:22)
Wujud FAr Fkr FKt
Guna J W P
Kalungguhan Pndk Pnm Pnr
Tembung ora nyelak wasesa kang awujud
cacahakeh.Wasesa ing ukara
iki beda karo ukara-ukara sadurunge, wasesane awujud numeralia , cacah ora bisa
kaetung ora ana cacah pastine. Dadi “ora akeh” ateges cacahe mung saithik.
Menehi pawarta marang pawongan sing diajak cecaturan yen cacahe kancane Ratih
sethithik.
(6) Gawane lombok Pasrun ora
sethithik, nanging akeh banget (Jaya Baya, minggu III Oktober 2013:28)
Wujud Tses FAr
FAr FKt
Guna J L W P
KalungguhanTmdk Pndg Pnm Pnr
Tembung ora nyelak wasesa kang awujud numeralia sethithik.Wasesa sing diselak ing ukara iki beda karo ukara-ukara
sadurunge, wasesane awujud numeralia , cacah ora bisa kaetung ora ana cacah
pastine. Dadi “ora sethithik” ateges akeh, dadi gawane lombok Pasrun akeh, sing
ora sethithik yaiku lomboke. Tembung panyelak ora nyelak jejer utawa lesan ukara,
upamane “ ora gawane”, “ora lombok” padha tegese karo ora nggawa, ora ana
lombok. Ukara ing ndhuwur menehi carita yen lomboke Pasrun cacahe akeh
banget kaya tembung sing wes diselak.
(7) Tekane Paridi ora saka kidul, nanging saka kulon (Jaya
Baya, minggu III Oktober 2013:28)
Wujud Ses TAr FKt G
Guna J W P
Kalungguhan Tmndk
Pndk Pnm Pgnp
Tembung ora nyelak wasesa kang awujud preposisional saka kidul. Preposisional negesake posisi utawa panggonan, dene
sing diselak ing kene yaiku wasesa sing awujud preposisional nuduhake panggonan
“ora saka kidul” katujukake parane Pardi dumadakan saka kulon sing cetha ora
saka kidul. Saka pawarta sing diwenehna menehi cetha teges ukara ing ndhuwur.
(8) Lungane Amat ora menyang Jakarta, nanging neng Surabaya (Jaya Baya, minggu V
September 2013:22)
Wujud Ses TAr Fancr FKt
Guna J W
K
Kalungguhan Pndk Pnm Kp
Tembung ora nyelak wasesa kang awujud gatra preposisional menyang Jakarta. Gatra preposisional
negesake posisi utawa panggonan, dene sing diselka ing kene yaiku wasesa sing
awujud preposisional nuduhake yen jejer Amat “ora menyang Jakarta” ateges Amat
ora saka Jakarta lungane nanging dicethakake yen Amat lunga menyang Surabaya, saka
panggonan liyane mula dicethakake gunakake tembung panyelak ora.
Sajrone ukara nomer (1) lan (3)tembung ora kuwi nampik wasesa verba nggawa lan
dhahar, banjur ing ukara nomer (2) lan nomer (4)tembung ora nyrekal wasesa adjektiva jejeg lan adoh. Yen
ing ukara nomer (5) lan (6)tembung panyelak ora
nampik utawa nyrekal wasesa kang awujud numeralia akeh lan sethithik. Sarta ing
ukara nomer (7) lan ukara nomer (8) tembung ora
nyelak wasesa kang awujud gatra preposisional saka kidul lan menyang Jakarta.
(9) Mbok Nah ora nganggep Surarti anake
dhewe (Jaya Baya, minggu V September 2013:36)
Wujud TAr FKr TAr TAr
TKt
Guna J W L
Kalungguhan Pndk Pnm Tmdk Pnr
(10)
Mbok Nah nganggep ora Surarti anake
dhewe (Jaya Baya, minggu V September 2013:36)
Wujud TAr TKr FAr TAr
TKt
Guna J W L K
Kalungguhan Pndk
Tmdk Pngp Pnr
(11)
Ora. Mbok Nah nganggep Surarti anake
dhewe(Jaya Baya, minggu V September 2013:36)
Wujud Tkt TAr TKr TAr
TAr TKt
Guna K
J W L P
Kalungguhan
K Pndk Tmdk
Tmdk Pnr
Ukara
nomer (9)tembung ora manggon ing
ngarepe verba nganggep, ora kena yen
dipindhah–pindhake sangarepe tembung Surarti utawa ing ngarepe tembung Mbok Nah
lan dadi panemtu tembung aran Mbok Nah. Tembung panyelak ing tuladha nomer (10)
lan nomer (11) manggon ing mburine verba nganggep lan sangarepe nomina Mbok Nah
saengga ora gramatis. Tembung panyelak sajrone tuladha nomer (11) bisa
digramatisna yen ana persyaratan tartamtu, kaya dene diwenehi gang samburine
tembung panyelak ora. Yen kaya
mangkono, bakal kadadeyan liya amarga,
tembung orasing diwenehi gang bakale
dadi klausa buntung lan ora bisa dadi panemtu ing wasesane. Kaya dene ing
tuladha nomer (11), tembung ora
sajrone ukara nomer (11), ora nyrekal
wasesa ing klausa inti sing ngikuti. Tuladha ing ngisor bakal kadadeyan yen
diwenenehi tembung ora ing wasesane.
(12)
Ora. Mbok Nah nganggep Surarti anake dhewe
(Jaya Baya, minggu III Oktober 2013:22)
Wujud Tkt TAr TKr TAr
TAr TKt
GunaK
J W L P
KalungguhanK Pndk Tmdk
Tmdk Pnr
Ukara nomer
(12) njlentrehake yen tembung panemtu arupa tembung sing bisa digunakake kanggo
nyelak utawa nampik ora kang diwenehi
gang,ora nyrekal wasesa klausa inti,nanging nyrekal apa kang ana ing njaba
klausa sing diikuti. Kaya dene sing wis diandharake sadurunge, bisa arupa ukara
utawa liyane, tembung panemtu arupa tembung negasi oraing ukara nomer (12) mung dadi klausa buntung, nduweni teges
mung ngendhegake omongan utawa dadi panggenah.
2) Panyelak Kontradiksi “ tan”
Tembung panemtu kang awujud tembung tan digunakake sajrone ragam literer.
Kanthi semantis nyrekal ukara gunakake tembung tan padha karo nyelak ukara gunakake tembung ora, nanging kanthi gramatis ora kaya mangkono. Nyelak ukara
gunakake tan asipat literer, dene
nyelak gunakake tembungora manggon
ing ragam basa ngoko. Nyelak ukara gunakake tembung tan sejatine padha karo nyrekal gunakake tembung ora, dene sing diselak wasesa. Panyelak tan bisa digunakake sajrone ukara carita kanthi tujuwan menehi
wedhare gagasan tumuju wong kang diajak guneman supaya ngerteni apa wae kang
diwedarake.
(13)
Tindake Raden Gathutkaca tan cinarita(Jaya Baya, minggu II Maret 2013:28)
Wujud Tk TAr G
Guna J W
Kalungguhan Tmdk Pndk Pnm
Tembung
tan nyelak tembung cinarita. Tan digunakake nyelak gunane
wasesa ukara “tan cinarita” ateges ora dicritakake saengga maknane dadi
negatif, tembung panyelak tan kalungguhane ora kena dipindhah-pindhake saliyane
sangarepe wasesa.
(14)
Damayanti tan
ngrewes pituture wong tuwane (Jaya Baya, minggu IV Maret 2013:36)
Wujud TAr Fk TKr FAr
Guna J W L P
Kalungguhan Pndk Pnm Tmndk Pnr
Tembung
tan nyelak tembung ngrewes. Minangka wasesa ukara, “tan
ngrewes” ateges ora nggatekake pitutur wong tuwa, sing ora nggatekake utawa tan
ngrewes yaiku jejer Damayanti.
(15)
Panguwasane Pengeran tan winates(Jaya Baya, minggu IV Maret 2013:22)
Wujud FAr TAr
FKr
Guna J W
Kalungguhan Pngp Pndk Pnm
Tembung
tan nyelak tembung winates. Tan digunakake nyelak gunane
wasesa ukara “tan winates” ateges ora kawates saengga maknane dadi negatif,
tembung panyelak tan kalungguhane ora kena dipindhah-pindhahke saliyane
sangarepe wasesa. Upama tembung tan
manggon sangarepe panguwasane “tan panguwasane” ora kuwasane Pengeran ateges
pengeran ora nduweni kuwasa, yen manggon sangarepe jejer “ora pengeran” ateges
Pengeran kuwi ora ana.
Ing
ukara nomer (13) nganti nomer (15) tembung panyelak tan nyelak wasesa cinarita , ngrewes,winates. Manggone tan ora kena
dipindhahke samburine wasesa utawa ing wiwitan ukara.
3) Panyelak Kontradiksi “Dudu”
Tembung panyelak dudu digawe agawe nyelak utawa nampik ukara kang nduweni wasesa
sing awujud aran. Panyelak dudu bisa
digunakake sajrone ukara carita kanthi tujuwan menehi wedhare gagasan tumuju
wong kang diajak guneman supaya ngerteni apa wae kang diwedarake.
(16)
Dheweke dudu
kancaku, nanging dulurku(Jaya Baya, minggu IV Mei 2013:28)
Wujud
Ses FAr FKt
Guna J W P
Kalungguhan Pndk Pnm Pnr
Tembung
dudu nyelak wasesa kang awujud nomina
kancaku. Tembung panyelak sajrone
ukara ing ndhuwur digunakake kanggo nyelak wasesa ukara kancaku “dudu kancaku”
ateges jejer ukara dheweke ora kasebut kancane, ora kancane ateges negatif lan
disrekal ing ukara kasebut. Wes dicethakake yen jejer dheweke iku dulure,
menehi ngerti marang pawongan liya lumantar carita kang dicethakake ing
pungkasane ukara.
(17)
Klambine Sundari dudu abang, nanging ijo
klawus (Jaya Baya, minggu IV Juni 2013:22)
Wujud TAr TAr FAr FKt
Guna J W P
Kalungguhan
Pngp Pndk Pnm Pndg
Tembung
dudu nyelak wasesa kang awujud adjektiva abang. Tembung abang minangka wasesa
kang awujud adjektiva utawa tembung kahanan disrekal kalungguhane ing ukara,
“dudu abang” ateges wernane ora abang, nanging werna liya yaiku ijo klawus
diwartakake supaya pawongan sing diajak cecaturan luwih cetha. Yen dudu
digunakake kanggo nyrekal jejer “dudu klambine Sundari” ateges ora klambine
Sundari sing katujukake, banjur jejere apa yen dudu kambine sundari sing werna
abang, kudu dibacutke supaya ora dadi ukara buntung. Mula panyelak tembung dudu
mesthi manggo sangarepe wasesa lan nyrekal kalungguhane.
(18)
Polahe Danu mbethik dudu sinau, bregejekan
wae (Jaya Baya, minggu I Juli 2013:22)
Wujud TKr TAr
TKr FKr FKt
Guna J L W P
Kalungguhan
Tmdk Pndk Pngp
Pnm Pnr
Tembung
dudu nyelak wasesa kang awujud verba sinau. Tembung sinau minangka wasesa
sing diselak awujud verba, nglakoni pakaryan. “dudu sinau” ateges dudu pakaryan
sinau sing lagi dilakoni bisa wae bregejekan pengingisan karo kancane. Panyelak
ing ukara iki ora bisa coba dipindhah-pindhahake.
(19)
Nomere sepedhahmu dudu pitu, nanging
wolu (Jaya Baya, minggu I Juli 2013:28)
Wujud TAr Far FAr FKt
Guna J W L
Kalungguhan
Pngp Pnm Pnr
Tembung
dudu nyelak wasesa kang awujud
numeralia pitu. Numeralia pitu
nuduhake cacah sajrone ukara sing dadi wasesa, wasesa ukara ing ndhuwur diselak
‘dudu pitu” ateges cacahe bisa luwih saka pitu utawa kurang saka pitu, cethane
cacahe dudu pitu. Tembung panyelak dudu digandhengake tembung konjungsi
nanging, saengga ana sabab musabab lan jlentrehane.
(20)
Panggonane Bu Narti dudu ing kono, neng wetan
kae (Jaya Baya, minggu III Juli 2013:22)
Wujud FAr TAr FKr FKt
Guna
Kpang
J W P
Kalungguhan Pndg Pndk Pnm Kpang
Tembung
dudu nyelak wasesa kang awujud
preposisional ing kono. Preposisional
nuduhake panggonan lan nyethakake panggonan sajrone ukara, “dudu ing kono”
ateges dudu neng panggonan kuwi, nanging neng panggonan liya neng wetan kono
wes dijlentrehake kanthi cara menehi pawarta marang apwongan sing takon
sadurunge, tegese padha karo kuwi.
Sajrone ukara nomer (16) tembung dudu nyrekal ukara sing nduweni wasesa nomina kancaku.Tembung dudu ing tuladha ukara nomer (17) nyelak
wasesa sing awujud adjektiva abang.
Ukara nomer (18) tembung dudunyelak
ukara sing nduweni wasesa verba sinau. Lan ing ukara nomer (19) tembung dudu nyelak ukara sing nduweni wasesa
numeralia pitu. Kaya dene ing ukara nomer (20) tembung dudu nyelak ukara sing nduweni wasesa frasa preposisional ing kono.
Kanthi gramatis tembung panyelakdudu
nyelak wasesa.
4)
Panyelak Kontradiksi “Tanpa”
Tembung
panemtu kang awujud tembung tanpa
nduweni makna ora gunakake, ora babar pisan, ora karo, lan ora ana. Tembung
panyelak iki kaya–kaya dadi adverbia. Tembung tanpa bisa nyelak wasesa sing awujud tembung aran lan tembung kriya.
Panyelak tanpa bisa digunakake
sajrone ukara carita kanthi tujuwan menehi wedhare gagasan tumuju wong kang
diajak guneman supaya ngerteni apa wae kang diwedarake.
(21)
Olehe nggawe tanpa mesin, gunakake tangan (Jaya Baya, minggu III Januari 2013:28)
Wujud TAr TKr FKr TKr
TAr
Guna J W P
Kalungguhan Pngp
Tmdk Pnm Pnr
Tembung tanpa nyelak wasesa kang awujud nomina mesin. Panyelak tanpa nyelak temung
mesin kang dadi wasesa sajrone ukara lan awujud nomina utawa aran. “tanpa
mesin” ora gunakake mesin bisa uga ditegesi ora karo mesin nanging nganggo
tangan. Gunane tembung panyelak iki ora bisa dipindhah-pindhake, kudu sangarepe
wasesa. Sarta menehi panyetha lumantar carita yen jejere ukara gunakake tangan,
dicethakake ing pungkasane ukara.
(22)
Mangane sega tanpa dimamah, langsung diulu (Jaya Baya, minggu III Juli 2013:36)
Wujud TAr TAr FKr FKr
Guna J W K
Kalungguhan Tmdk
Pngp Pnm Pndg
Tembung tanpa nyelak wasesa kang awujud verba dimamah. Dimamah diselak minangka
wasesa sajrone ukara sing awujud verba ateges dadi negatif ln dicethakake karo
anane carita yen mangane langsung diulu.
(23)
Lungane Sarma tanpa pamit, ora ana sing weruh (Jaya Baya, minggu IV September
2013:36)
Wujud TKr Ar FKr G
Guna J W P
Kalungguhan Tmdk
Pndk Pnm Pnr
Tembung tanpa nyelak wasesa kang awujud verba pamit. Tembung pamit diselak minangka
wasesa kang awujud verba, “tanpa pamit” ateges ora pamit, babar pisan ora pamit
tur ora ana sing weruh. Kahanan kaya mangkono kuwi ditegesake lumantar carita
supaya pawongan sing takon utawa diajak guneman cetha.
(24)
Olehe mangan tanpa sendhok, nanging muluk (Jaya Baya, minggu IV Maret 2013:22)
Wujud FKr FAr FKt
Guna J W P
Kalungguhan
Tmdk Pnm K
Tembung
tanpa nyelak wasesa kang awujud
nomina sendhok. Wasesa ukara ing
ndhuwur yaiku sendhok, nanging gunane diselak gunakake tembung tanpa, ‘tanpa
sendhok” ateges ora gunakake sendhok.
5)
Panyelak Kontradiksi “Wegah”
Panemtu
kang awujud tembung panyelak wegah nduweni unsur makna “ora” ditambahke
“gelem” sing bisa nduweni guna minangka
adverbia. Tembung panyelak wegah nduweni teges ora gelem, yaiku negatif +
adverbia kanthi bebarengn. Mula tembung panyelak wegah kagolong adverbia
negatif. Tembung panyelak wegah biyasane nyelak guna wasesa kang awujud aran.
Panyelak wegah bisa digunakake
sajrone ukara carita kanthi tujuwan menehi wedhare gagasan tumuju wong kang
diajak guneman supaya ngerteni apa wae kang diwedarake.
(25)
Dheweke wegah nyambut gawe, merga lara (Jaya Baya, minggu II Juni 2013:28)
Wujud Ses FKr FKhn
Guna J W K
KalungguhanPndk Pnm Pnr
Tembung
panyelak wegahnyelak wasesa awujud
verba nyambut gawe. Wasesa sing
diselak yaiku “wegah nyambut gawe” ateges ora gelem nyambut gawe, aras-arasen
nyambut gawe babar pisan amarga dheweke krasa lara mula saka kuwi perlu
diwenehi pawarta lara supaya pawongan sing takon pawartane padha weruh. Dadi
jejer dheweke dadi negatif amarga wasesane wes diselak. Manggone panyelak wegah iki ora bisa dipindhah-pindhahke.
(25)
Narti wegah
sinau, merga dolanan (Jaya Baya, minggu II Maret 2013:22)
Wujud TAr FKr K
Guna J W L
Kalungguhan Pndk Pnm Tmdk
Tembung panyelak wegah nyelak wasesa awujud verba yaiku sinau. Tembung sinau minangka wasesa
diselak “wegah sinau” ateges ora gelem sinau, sing ora gelem sinau yaiku Narti,
panggonane panyelak iki ora kena dipindhahke.
(26)
Bagya
wegah ngomong, merga lara untu(Jaya Baya, minggu I Oktober 2013:28)
Wujud TAr FKr FKhn TAr
Guna J W L
KalungguhanPndk Pnm Pndg
Tembung
panyelak wegah ing ukara nyelak wasesa kang awujud verba yaiku ngomong. Tembung sinau minangka wasesa
diselak “wegah ngomong” ateges ora gelem omong babar pisan, sing ora gelem
ngomong yaiku Bagya sebabe merga dheweke lagi lara untu kaya ngene pawartane
Bagya ora gelem ngomong, panggonane panyelak iki ora kena dipindhahke
Tembung panyelak wegah
ing ukara (25) nganti (27) nyrekal verba nyambut, sinau, ngomong kang nduweni
guna minangka wasesa. Tembung panyelak wegah
kanthi semantis kosok baline tembung gelem. Banjur kanthi semantis tembung wegah nduweni loro komponen makna, yaiku
nyelak lan gelem, mula tembung iku asring dadi verba saengga bisa diwenehi
tembung panyelak ora saengga dadi ora wegah. Kanthi gramatis makna positif
yaiku gelem.
1)
Panemtu Panyelak
Imperatif
Imperatif
bisa digunakake saperangane pawongan kanthi tujuwan menehi prentah, ngajukake
kapinginan marang pawongan liyan sing diajak guneman. Imperatif bisa diperang
dadi loro, yaiku imperatif afirmatif lan imperatif negatif. Imperatif afirmatif
nduweni tujuwan supaya pawongan sing diajak guneman nindakake pakaryan miturut
makna sajrone imperatif kasebut. Dene imperatif negatif nduwe tujuwan supaya
pawongan sing diajak guneman ora nglakoni pakaryan miturut imperatif kang
diomongke.
1)Panyelak Imperatif
“aja”
Tembung
panyelak kang trep ditrepake sajrone ukara pakon yaiku aja. Tembung panyelak aja digunakake kanggo nyelak ukara sing
nduweni wasesa aran. Tembung panyelak aja iki bisa digunakake sajrone ukara
pakon, dene ukara pakon yaiku wedhare gagasan wong kang guneman tumuju marang
wong kang diajak guneman supaya nglakoni utawa nandukake pakaryan.
(28) Aja mangan dhisik!(Jaya Baya,
minggu I Oktober 2013:36)
Wujud FKr K
Guna
W P
Kalungguhan Pnm Pnr
Tembung
aja sajrone ukara ing ndhuwur nyelak
utawa nyrekal wasesa kang awujud verba mangan.
Wasesa ukara ing ndhuwur uga awujud tembung kriya, saengga yen diselak
gunakake tembung aja tegese bakal dadi negatif aja mangan (ora oleh mangan)
dhisik. Tembung aja mangan dhisik
dadi prentah tumrap wong liya sing diajak omongan supaya aja nganti ndhisiki
mangan.
(29) Bungkuse kadho aja putih!(Jaya
Baya, minggu I September 2013:22)
Wujud
TAr TAr FKt
Guna J W
Kalungguhan
Pndk Pndg Pnm
Tembung
aja sajrone ukara ing ndhuwur nyelak
utawa nyrekal wasesa kang awujud verba putih.
Wasesa ukara ing ndhuwur uga awujud tembung kriya, saengga yen diselak
gunakake tembung aja tegese bakal dadi negatif aja putih (ora oleh werna putih,
dikongkon werna liyane wae). Tembung aja putihbungkus
kadhone dadi prentah tumrap wong liya sing diajak omongan supaya aja gunakake
bungkus kadho werna putih.
(30) Sing nggawa buku aja kowe!(Jaya
Baya, minggu III Oktober 2013:28)
Wujud FKr TAr
FAr
Guna J W
Kalungguhan Tmdk
Pndk Pnm
Tembung
aja sajrone ukara ing ndhuwur nyelak
utawa nyrekal wasesa kang awujud nomina utawa aran kowe. Wasesa ukara ing ndhuwur uga awujud tembung aran, saengga yen
diselak gunakake tembung aja tegese bakal dadi negatif aja kowe (aja kowe sing
nggawakna buku, nanging liyane wae). Tembung aja kowesing nggawa buku liyane wae luwih becik, dadi prentah tumrap wong liya sing diajak omongan supaya aja
dheweke sing nggawana buku.
(31) Cacahe saben saregu aja limalas!
(Jaya Baya, minggu II September 2013:28)
Wujud TAr FAr K
Guna J L W
Kalungguhan Pndg Pndk Pnm
Tembung
aja sajrone ukara ing ndhuwur nyelak
utawa nyrekal wasesa kang awujud numeralia kang awujud angka sing bisa kaetung limalas. Wasesa ukara ing ndhuwur uga
awujud tembung cacah, saengga yen diselak gunakake tembung aja tegese bakal
dadi negatif aja limalas (tegese aja limalas cacahe saben saregu, dadi cacahe
bisa kurang utawa luwih saka limalas). Tembung aja limalascacahe saben saregu, cacah liyane wae luwih becik bisa
luwih utawa kurang, dadi prentah
tumrap wong liya sing diajak omongan supaya bisa mbentuk klompok kanthi cacah
aja limalas.
(32) Mangane Dani aja ing peturon!(Jaya
Baya, minggu IV September 2013:22)
Wujud TKr TAr Kpang
Guna J W
Kalungguhan Pndg
Pndk Pnm
Tembung aja sajrone
ukara ing ndhuwur nyelak utawa nyrekal wasesa kang awujud preposisi kang awujud
panggonan ing peturon. Wasesa ukara
ing ndhuwur uga awujud tembung katrangan panggonan, saengga yen diselak
gunakake tembung aja tegese bakal dadi negatif aja ing peturon (tegese yen Dani
arep mangan becike aja ing peturon, merga peturon iku panggonan kanggo turu ora
kanggo mangan, yen mangan becike ya neng pawon utawa neng meja mangan). Tembung
aja ing peturon yen Dani arep mangan,
panggonan liyane luwih becik kanggo panggon mangan ketimbang peturon, dadi prentah tumrap wong liya sing
diajak omongan supaya bisa ngandani lan menehi pitutur yen ecike panggon mangan
ora ing peturon.
a.
Nyelak sajrone Ukara
Nyelak
bageyan sajrone ukara yaiku nyrekal ing bageyan tartamtu kanthi menehi tembung
panyelak kang cocog lan trep ing ngarepe unsur sing diselak. Umume nyelak iku
kadadeyan ing ukara majemuk. Salah sijine nyelak unsur ukara yaiku nyelak
kanthi beda banget utawa kontras. Panemtu awujud tembung panyelak sing bisa
digunakake agawe nyelak kaya mangkono yaiku ora, ora-nanging,lan dudu-nanging,
dhatane ana ing ngisor iki.
(33)Aku kepengin mlaku, ora ngepit.
(34)Narti arep ngombe, ora mangan.
(35)Sumarsih ora mulih, nanging malah
lunga.
(36)Dina ora mlebu sekolah, nanging
menyang toko
(37)Sing mangan dudu aku, nanging kowe
(38)Sing numpak sepedha dudu aku,
nanging Kartika.
Ing
tuladha ukara nomer (33) lan(34) tembung panyelak ora nyelak bageyan ukara ngepit lan mangan. Ing ukara nomer (35)
lan (36) tembung panyelak ora nyelak
bageyan unsur ukara mulih lan mlebu. Banjur ing ukara nomer (37) lan nomer (38) tembung panyelak dudu nyelak
unsur ukara aku.
b. Lingkup
Nyelak utawa Nampik
Panemtu
kang awujud tembung panyelak nduweni lingkup agawe nyelak utawa nampik kang
beda – beda gumantung saka ana orane katrangan lan tekanan ing ukara, kaya dene
tuladha ing ngisor:
(39)Pakdhe ngantem wong iku.
(40)Pakdhe ora ngantem wong iku.
(41)Pakdhe ora ngantem wong iku dhek
wingi.
(42)Pakdhe ora ngantem wong iku ing
dalan.
Ing tuladha ukara nomer (39) ngantem wong
wus kadadeyan kanthi diwenehi tembung panyelakora, nanging ukara nomer (40) ngantem ora sida kadadeyan. Yen
njingglengi ukara nomer (41) mula katon banget yen anane katrangan wektu dhek wingi ngantem kuwi kadadeyan lan
wektune ora dhek wingi amarga dicethakake tembung panyelak ora ing manggon
sangarepe wasesa. Mula ing ukara nomer (41) ditemtokake panggonan tekanane
tembung. Yen tekanane tembung manggon ing wong
iku kaya dene ukara ing ngisor iki:
(43)Pakdhe ora ngantem wong iku dhek wingi.
Tegese ukara nomer (43) yaiku ngantem tetep
kelakon nanging dudu wong iku sing diantem, yaiku wong liya. Ukara nomer (43)
padha karo ukara ing ngisor iki:
(44)Ora wong iku sing diantem Pakdhe
dhek wingi.
Yen tekananing katrangan wektu dhek
wingi kaya ukara ing gisor iki:
(45)Pakdhe ora ngantem wong iku dhek
wingi
Makna
ukara nomer (45) yaiku nalika ngantem tetep kadadeyan , mung wektune ora dhek
wingi nanging dhek winginane. Saka apa kang wis diandharake ing ndhuwur , cetha
yen ruang lingkupe nyrekal utawa nampik bisa pindhah–pindhah miturut tekanan
kang diwenehi.
C.Panutup
Determiner
utawa panemtu panyelak ing basa jawa nduweni guna medarake gagasan kanthi luwih
cetha kanthi sarana nyelak tembung-tembung kang kurang trep. Cundhuk karo teges
panemtu panyelak sajrone ukara pawarta lan ukara pakon, ukara pawarta iku ukara
wedhare gagasane manungsa, tumuju marang wong kang dijak guneman, supaya ngerti
apa wae kang diwedharake, dene ukara pakon iku wedharing gagasan wong kang
guneman tumuju marang wong kang diajak guneman supaya nglakoni pakaryan.Tembung panyelak iku kaya dene
ora, dudu, tan, tanpa, wegah. Nyelak kaperang dadi loro yaiku nyelak ukara lan
nyelak bageyane ukara, nyelak ukara bisa gunakake tembung–tembung panyelak kang
manggon ing sangarepe gunane wasesa. Panemtu panyelak nyrekal wasesa ukara kang
awujud tembung kriya saengga tegese dadi negatif utawa ora ditindakake. Saka
TAS kang wis dicethakake ing hduwur bisa kagawe rumus kaya mangkene : panyelak
kontradiksi ora: J+W (Ar/Kt)+P+FKt, panyelak kontradiksi tan: J+W
(Tan+Kr)+P+FKt, panyelak kontradiksi dudu: J+W (Dudu+Ar)+L+FKt, panyelak
kontradiksi tanpa: J+W (Tanpa+Ar/Kr)+L+FKt, panyelak wegah: J+W
(Wegah+Ar)+L+FKt, panyelak aja: J+W (Aja+Ar).
Kapustakan
Aminnudin. 2003. Semantik Pengantar
Studi tentang Makna. Bandung: Sinar Baru Algesindo
Budiman, Narko. 2013. “Klambi Bathik
Lengen Dawa” sajrone Jaya Baya,
edhisi 08 Minggu III Oktober kaca 28. Surabaya.
Chaer, Abdul. 2002. Pengantar
Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: PT. Rineka Cipta.
Harwimuka. 2013. “Topeng Rai Ayu” sajrone Jaya Baya, edhisi 07 Minggu II
Oktober kaca 28. Surabaya.
Kristanto, Zuly. 2013. “Sapajagong
Klawan Angin” sajrone Jaya Baya,
edhisi 07 Minggu II Oktober kaca 36. Surabaya.
Muljana, Slamet, 1964. Semantik Ilmu makna. Surabaya: Djambatan
Padmosoekotjo, S. 1956. Sarine Basa Jawa. Jogjakarta: Kolff
Pambayun, Candra Dyah. 2013. “Nalika
Langit Biru” sajrone Jaya Baya,
edhisi 09 Minggu IV September kaca 36. Surabaya.
Pangastuti, Ardini Bn. 2013. “Pilihan”
sajrone Jaya Baya, edhisi 05 Minggu V
September kaca 22. Surabaya.
Pangastuti, Ardini Bn. 2013. “Pilihan”
sajrone Jaya Baya, edhisi 08 Minggu
III Oktober kaca 22. Surabaya.
Pranawa, Sudaryanto. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: Badan
Pekerja Kongres Basa Jawa
Sasangka, 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa:
Jakarta: Yayasan Paramalingua
Soetarno. 2013. “Penumpang Nyalawadi” sajrone Jaya Baya, edhisi 05 Minggu V
September kaca 28. Surabaya.
Sudaryanto.1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta : Duta Wacana University
Press
Sudaryono.1993. Negasi dalam
Bahasa Indonesia: Suatu Tinjauan Sintaktis dan Semantik. Jakarta: Pusat pembinaan dan
Pengembangan Bahasa
Subagyo, Rahmad. 2009. Titi Ukara
Basa Jawa. Surabaya: FBS Unesa.Tarigan, Henry Guntur. 1993. Pengajaran Semantik. Bandung: Angkasa
Widyaparwa.1999. Majalah Ilmiah Bahasa dan Sastra.Yogyakarta:Departemen
Pendidikan Nasional Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Balai Bahasa
Yogyakarta.
Yulia, Alfin. 2013. “Nyolong Pethek” sajrone Jaya Baya, edhisi 05 Minggu V
September kaca 36. Surabaya.
0 comments:
Post a Comment