ANAFORA PRONOMINAL DHEMONSTRATIF
ING BASA JAWA
Widia
Astuti
A. Purwaka
Anafora pronominal
dhemonstratif ing basa Jawa minangka salah sijine perangan saka anafora.
Anafora kuwi akeh perangane mung sing
lagi dingerteni ana loro yaiku anafora pronominal lan anafora temporal.
Makalah ngenani anafora wis
tau ditliti. Yen ngenani pronominal dhemonstratif wis tau ditliti yaiku
ditindakake dening Endrawati (2011) ngenani kohesi koherensi rubrik apa tumon
ing kalawarti panjebar semangat edhisi Agustus nganti September 2010. Saliyane
kuwi, uga meh memper karo sing ditindakake dening Pratama (2011) ngenani
dheiksis dunung ing basa Jawa. Topik anafora pronominal dhemonstratif ing basa
Jawa perlu dijlentrehake luwih gamblang lan njlimet.
Ing kene bakal diandharake
ngenani anafora pronominal dhemonstratif ing basa Jawa kanthi cara ngonceki lan
njlentrehake teges, titikan, lan jinis, tuladha anafora adhedhasar sintaksis
lan semantik gramatikal, kang nggunakake sintakmatik, sarta nggunakake
konseptual struktur batin kanthi cara triaspek sintaksis.
Tujuwan
panulise makalah iki kanggo luwih ngerteni kepriye titikan anafora pronominal
dhemonstratif ing basa Jawa. Panulise makalah iki dikarepake bisa menehi paedah
yaiku bisa ngerteni ngenani anafora pronominal dhemonstratif ing basa Jawa,
sarta supaya bisa luwih cetha lan nambah kawruh ngenani anafora pronominal
dhemonstratif ing basa Jawa.
B. Andharan
Ing andharan iki ana telung
isi ngenani (1) teges, (2) titkane, lan (3) jinise anafora pronominal dhemonstratif.
1.
Tegese Anafora Pronominal
Dhemonstratif
Anafora kuwi sejatine bisa
ditegesi minangka tembung panggenah. Anafora yaiku nuduhake maneh marang
samubarang kang wis disebutake sadurunge sajrone wacana kanthi cara mbaleni
utawa substitusi. Anafora mujudake andharan perangan marang perangan liya kang
ndhisiki. Miturut Kaswanti Purwo (1984:103) anafora kuwi mung nuduhake marang
konstituen utawa ukara sing manggon sisih kiwa. Yen manut tegese anafora kuwi
meh padha karo tembung sesulih, bisa sesulih purusa, panuduh, lan pandarbe. Ing
kene panliti bakal ngandharake ngenani anafora pronominal dhemonstratif ing
basa Jawa.
Tembung
sesulih yaiku tembung kang bisa gawe genah lan cetha marang barang utawa
prakara kang lagi digunemake (Poerwadarminta, 1953:37). Dene tembung sesulih
panuduh yaiku tembung sesulih kang digunakake kanggo nuduhake samubarang.
Saben perangan tembung sesulih iki
ndadekake tembung sesulih panuduh nduweni aksara swara kang padha ing mburi lan
meh mburine tembung. Tembung sesulih panuduh kalebu tembung utawa kategori
katutup (Sudaryanto, 1991:90).
Pronominal dhemonstratif yaiku
tembung deiktis sing digunakake kanggo nuduhake lan ngganteni nomina. Pronominal
dhemonstratif yaiku kategori kang nduweni guna kanggo nuduhake samubarang ing
njero utawa sajabane wacana. Samubarang iku anteseden.
2.
Titikan Anafora Pronominal
Dhemonstratif
Tembung bisa disebut anafora pronominal dhemonstratif yen tembung kang
dadi acuan pindhah-pindhah utawa gonta-ganti, gumantung sapa kang dadi pamicara
lan gumantung saka wayah lan papan diaturake tembung-tembung iku mau Kuswanti Purwo
(1984:1) Sajrone linguistik tembung iku digunakake kanggo menehi ancas tembung
sesulih persona, tembung sesulih demonstratif, fungsi wektu, lan maneka wernane
titikan gramatikal lan leksikal liyane, kang gandhengake ujaran kelawan ruwang
lan wektu sajrone tindak ujaran (Lyons sajrone Kaswanti Purwo, 1984:2).
3.
Jinise Anafora Pronominal
Dhemonstratif
Pronominal
dhemonstratif bisa kaperang dadi telung jinis, yaiku (1) pronominal dhemonstratif
papan, (2) pronominal dhemonstratif panggonan, lan (3) pronominal dhemonstratif
dunung. Jinis-jinis pronominal dhemonstratif bakal diandharake siji mbaka siji
ing ngisor iki.
a.
Pronominal Dhemonstratif
Papan (Lokasional Lokatif)
Pronominal dhemonstratif papan nuduhake ing papan dununge samubarang.
Papan ing kamus basa Indonesia ditegesake samubarang kanggo nyelehake (nyimpen
lan nyeleh) wadhah, ruwang (bidhang, omah) kang cemepak kanggo nglakoni samburang,
ruwang (bidhang) kang digunakake kanggo nyelehake (nyimpen, nglumpukake).
Saka katrangan kasebut papan bisa ditegesi minangka wadhah. Wadhah
kanggo nyelehake samubarang kang sekirane bisa cukup kanggo samubarang kasebut.
Cethane papan yaiku panggonan kang bisa digawe nyelehake samubarang cilik
nganti gedhe.
Pronominal demontratif papan nduweni telung perangan yaiku cedhak, rada
adoh lan adoh. Ukara-ukara ing basa Jawa kang ana sajrone pronominal
dhemonstratif, ukara kang kaya mangkene iki kang ngandhut pronominal
dhemonstratif papan.
1) Cedhak
Cedhak ing kene yaiku cedhak klawan pamicara, dadi samubarang kang
dikarepake utawa kang dimaksud dening pamicara iku cedhak dununge klawan
dununge samubarang iku mau. Cedhak ing pronominal dhemonstratif papan isih bisa
diperang maneh dadi loro, yaiku papane lan parane.
a) Papan
Ing pronominal
dhemonstratif papan kang cedhak ana pronominal dhemonstratif kanggone papane,
lan tembung tumrap parane.
(1)
Neng cafe, lha iki sing
dibutuhake menungsane! (Narko Budiman, 2013: 71)
Guna: j w l kat
Wujud: f.a
f.ses f.k kat
Kal: panin
panggnp tum kat
Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni
yen ana tembung “iki”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora
yaiku tembung “cafe”, mula tembung “iki” menehi teges kang nduweni maksud
nuduhake samubarang kang cedhak karo pamicara. Ing kene tembung saliyane iki
uga bisa gunakake tembung kene.
(2)
“Ana rembug ya dirembug neng
ngomah.
Neng kene Bapak lan simbok sing nyekseni.”
Guna : j
w k j w l
Wujud :
f.a f.k f.a f.ses f.a f.k
Kal : panin tum kat kat pan tum
(Narko Budiman, 2013: ix)
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kene”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “omah”. Tembung “kene”
ing dhata iku mratandhakake yen pamicara lagi cedhak karo mitrawicara. Pamaos
ora perlu dijlentrehake yen antarane pamicara lan mitrawicara iku cedhak, wis
mangerteni saka ukara kang ngemu teges cedhak iku mau. Ing kene tembung “kene”
kalebu tembung kanggo mangerteni jarak antarane pamicara lan mitrawicara.
a)
Paran
Paran
kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng
papan tartamtu.
(3) “Ora
mung bocah nom-noman sing nyerbu konterku, wong
tuwa lanang wadon uga akeh”.
G: j w l j kat
W: f.a f.k f.a f.a kat
K: panin tum kat panin kat
“Peneran ta Mas, suk Minggu esuk
Faza takjake mrene?”. (Narko Budiman, 2013: 28)
Guna :
j kat l g
Wujud :
f.a kat t.a f.ses
Kal :
pananggp kat panin tum
Ing
ndhuwur tembung “mrene” nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge yaiku
tembung “konter”. Tembung “mrene” wis mratandhakake yen cedhak karo pamicara.
a. Rada
Adoh
Rada adoh ing pronominal dhemonstratif papan iki nduweni teges
samubarang kang dikarepake ora cedhak klawan pamicara lan uga ora adoh saka
pamicara, samubarang kasebut ana ing satengah-tengahe pamicara lan mitrawicara.
Rada adoh uga isih bisa diperang dadi loro yaiku rada adoh adhedhasar papan lan
adhedhasar parane.
a)
Papan
Ing pronominal
dhemonstratif papan kang rada adoh ana pronominal dhemonstratif kanggone
papane, lan tembung tumrap parane.
(4) Omah sing sejatine ora
patiya gedhe, iku malih kaya pasar malem. (JB. No. 10 Minggu I Nopember
2016 Kc. 34)
G: j w l j w
W: t.a
kat f.ka t.ses f.a
K:
kat kat pan kat
kat
Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni
yen ana tembung “iku”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi
anafora yaiku tembung “omah”, mula tembung “iku” menehi teges kang nduweni
maksud nuduhake samubarang kang ana utawa dianggep ana sajrone cecaturan kang
cedhak karo wong kang ngrungokake.
(5) Wisata menyang Pulo Lombok kurang
jangkep yen durung ngendhangi Taman Narmada.
G: j w l g
W: t.a f.a kat f.a
K: pannggp pin kat
kat
Ing kono dipercaya banyune
bisa marakake awet enom. (JB. No. 10. Minggu 1 Nopember 2016 Kc. 26)
j w l g
kat t.kaa t.a t.kaha
kat tum pangggp kat
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kono”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “Taman Narmada”, mula tembung “kono” menehi teges kang nduweni
maksud nuduhake papan kang cedhak karo wong kang ngrungokake utawa papane wong
kang melu cecaturan.
b)
Paran
Paran
kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng
papan tartamtu.
(6) Anisah ana ing
kantor. Coba kowe mrono! (Narko Budiman, 2013: 119)
Guna :
j kat j pang
Wujud :
t.a
kat f.a t.ses
Kal : pan kat pan kat
Ing dhata
tembung “mrono” nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku
tembung “kantor”. Tembung “mrono” nuduhake marang ener kang rada adoh karo
pamicara.
b.
Adoh
Adoh ing pronominal dhemonstratif papan yaiku tembung kang nuduhake
papan kang ora cedhak klawan pamicara,
lan uga ora cedhak klawan mitrawicara, adoh iki bisa ateges objek kang dimaksud
katon saka papane pamicara lan mitrawicara, nanging uga bisa ora katon saka
papane pamicara uga mitrawicara. Adoh uga bisa kaperang dadi loro kaya
pamerange cedhak lan rada adoh mau.
a) Papan
Ing pronominal
dhemonstratif papan kang adoh ana pronominal dhemonstratif kanggone papane, lan
tembung tumrap parane.
(7) Pur mlebu rumah
sakit. “Kae ta, ning Kediri?” (Narko Budiman, 2013:
5)
Guna :
j w kat j kat
Wujud : t.a
t.k t.a f.ses
kat
Kal :
pan tum kat pin kat
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kae”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “rumah sakit”. Tembung “kae” ing
dhata iku nuduhake samubarang kang ana utawa dianggep ana sanjabane cecaturan.
(8) Pejabat
teras Jawa Timur mecahake rekor ing lapangan Makodam V/Brawijaya.
G: j w kat
W: f.a f.k f.a
K: panin tum kat
Neng kana ana
Pak Jokowi sing menehi sambutan. (JB. No. 07 Minggu III Oktober 2016
Kc.10)
j w l
f.ses f.a f.k
kat panin tum
Saka
dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kana”, nuduhake tembung
sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “lapangan Makodam
V/Brawijaya”. Tembung “kana” ing dhata iku mratandhakake yen papane sanjabane
pamicara lan wong kang dijak cecaturan utawa adoh saka kekarone.
b)
Paran
Paran
kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng
papan tartamtu.
(9) Pembangunan neng Malaysia
sisteme ora padha karo kene. Upama padha nyapa wong
G: j kat g w l
W: t.a f.anc kat kat f.ses
K: panggp
kat tum pin kat
lanang mahe dhewe padha bara mrana? (Narko Budiman, 2013: 15)
l
f.ses
kat
Saka
dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “mrana”, nuduhake tembung
sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “Malaysia”. Tembung “mrana”
ing dhata iku nuduhake marang ener kang adoh saka pamicara lan pawongan kang
dijak cecaturan.
b.
Pronominal
Dhemonstratif Panggon (Lokasional Regional)
Pronominal demontratif panggon nduweni telung perangan yaiku cedhak,
rada adoh lan adoh. Ukara-ukara ing basa Jawa kang ana sajrone pronominal
dhemonstratif, ukara kang kaya mangkene iki kang ngandhut pronominal
dhemonstratif papan.
1) Cedhak
Cedhak ing kene yaiku cedhak klawan pamicara, dadi samubarang kang
dikarepake utawa kang dimaksud dening pamicara iku cedhak dununge klawan
dununge samubarang iku mau. Pronominal dhemonstratif papan kang cedhak mung ana
panggone wae marga sajrone bebrayan Jawa panliti nemokake cecaturan kang
diperang mung panggone.
a) Panggon
Ing pronominal
dhemonstratif panggon kang cedhak mung ana pronominal dhemonstratif kanggo
panggone.
(10)
Anisah sajak semangat anggone nata
piring
wadhah sega rawon. “Iki langsung
Guna : j w l kat g
Wujud : t.a f.k f.k f.a f.ses
Kal : pan tum tum kat panin
korahana!”. (Narko Budiman, 2013: 2)
w
t.k
tum
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “iki”, nuduhake tembung sing
wis jlentrehake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “piring”, mula tembung “iki” menehi teges kang nduweni
maksud nuduhake samubarang kang cedhak karo pamicara.
(11)
“Takdeleh
ing meja wae Mas. Ing kene luwih aman,”.
(Narko Budiman, 2013: 119)
Guna :
w l g w l
Wujud : f.a
f.a f.a f.ses
kat
Kal :
tum kat panggp kat panggp
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kene”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “meja”. Tembung kene ing
dhata iku mratandhakake yen pamicara lagi cedhak karo mitrawicara. Pamaos ora
perlu dijlentrehake yen antarane pamicara lan mitrawicara iku cedhak, wis
mangerteni saka ukara kang ngemu teges cedhak iku mau. Ing kene tembung “kene”
kalebu tembung kanggo mangerteni jarak antarane pamicara lan mitrawicara.
2)
Rada Adoh
Rada adoh ing pronominal dhemonstratif panggon iki nduweni teges
samubarang kang dikarepake ora cedhak klawan pamicara lan uga ora adoh saka
pamicara, samubarang kasebut ana ing satengah-tengahe pamicara lan mitrawicara.
Rada adoh mung bisa kaperang siji yaiku adhedhasar panggone.
a)
Panggon
Ing pronominal
dhemonstratif panggon kang rada adoh mung ana pronominal dhemonstratif kanggo
panggone.
(12)
Jarene kowe tuku lemari, iku
regane pira?. (Narko
Budiman, 2013: 57)
Guna : j w l j w
Wujud: f.a t.k t.a
t.ses kat
Kal : pan tum
pnggp pan kat
Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni
yen ana tembung “iku”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi
anafora yaiku tembung “lemari”, mula tembung “iku” menehi teges kang nduweni
maksud nuduhake samubarang kang ana utawa dianggep ana sajrone cecaturan kang
cedhak karo wong kang ngrungokake.
(13) Bocah-bocah bisa maca karo turon utawa
lungguh ana ing kursi. Ing kono
Guna : j w kat j
Wujud : f.a f.k f.anc
f.ses
Kal : panin tum kat kat
uga
dipasang piranti
audio visual. (JB. No. 10 Minggu I Nopember 2016 Kc. 29)
w l
f.k f.a
tum panggp
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kono”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “kursi”, mula tembung “kono” menehi teges kang nduweni
maksud nuduhake panggonan kang cedhak karo wong kang ngrungokake utawa
panggonan wong kang melu cecaturan.
3)
Adoh
Adoh ing pronominal dhemonstratif papan yaiku tembung kang nuduhake
dununge samubarang kang ora cedhak klawan pamicara, lan uga ora cedhak klawan
mitrawicara, adoh iki bisa ateges objek kang dimaksud katon saka papane
pamicara lan mitrawicara, nanging uga bisa ora katon saka papane pamicara uga
mitrawicara.
a)
Panggon
Ing pronominal
dhemonstratif panggon kang adoh mung ana pronominal dhemonstratif kanggo
panggone.
(14)
Tamune
wis padha rawuh, padha mbutuhake kursi. Kae, ndang
diusungi! (Narko Budiman, 2013:2)
G: j w l j w
W:
t.a f.k f.a t.ses f.k
K:
panin tum panggp panin tum
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kae”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “kursi”. Tembung “kae”
ing dhata iku nuduhake samubarang kang ana utawa dianggep ana sanjabane
cecaturan.
(15)
Ayu, malah lungguh nang lawang pawon. Setengah urip
aku
Guna : j
l g l j
Wujud : t.a f.a f.anc f.kaha t.a
Kal : panin tum kat pan panin
thenguk-thenguk
ana kana. (LD4. No. 4.Kc. 103)
l g
f.k f.ses
tum kat
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kana”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “lawang pawon”. Tembung “kana”
ing dhata iku mratandhakake yen panggone sanjabane pamicara lan wong kang dijak
cecaturan utawa adoh saka kekarone.
c.
Pronominal
Dhemonstratif Dunung (Lokasional Posisional)
Dunung yaiku papan manggone samubarang, barang bisa diarani dununge yen
barang iku mau ana ing sandhuwure, sangisore, sakiwane, satengene, tumumpang
ing panggonane.
Pronominal dhemonstratif dunung nduweni telung perangan yaiku cedhak,
rada adoh lan adoh. Ukara-ukara ing basa Jawa kang ana sajrone pronominal
dhemonstratif dunung, ukara kang kaya mangkene iki kang ngandhut pronominal
dhemonstratif dunung.
1) Cedhak
pronominal dhemonstratif dunung diperang dadi telu lan salah sijine
yaiku cedhak. Cedhak ing kene yaiku cedhak klawan pamicara, dadi samubarang
kang dikarepake utawa kang dimaksud dening pamicara iku cedhak dununge klawan
dununge samubarang iku mau. Cedhak ing pronominal dhemonstratif dunung isih
bisa diperang maneh dadi loro, yaiku dununge lan parane.
a) Dunung
Panulis merang pronominal dhemonstratif dunung kang cedhak dadi ana
dunung lan parane marga sajrone bebrayan Jawa panliti nemokake cecaturan kang
kudu diperang dadi dununge lan parane. Dunung lan parane iku mau (Lyons,
1995:48) ngandharake yen iku klebu jinis pronominal dhemonstratif kanggone dununge.
(16)
Warung gadho-gadho mapan ing plataran
jembar lan eyub ing ngisor wit sambi lan
G : j w kat
W : f.a t.k f.anc
K : panggp tum kat
asem Landa sing gedhe. Panggone cedhake ril sepur,
ndadekake sapa wae sing
kat j
f.anc panin
kat kat
andhok ing warung iki
nemu sensasi. (JB. No. 07 Minggu III Oktober 2016 Kc. 25)
w kat
f.a f.ses
panin kat
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “iki”, nuduhake tembung sing
wis jlentrehake sadurunge kanthi anafora yaiku “ngisor wit sambi lan asem Landa
sing gedhe”, mula tembung “iki” menehi teges kang nduweni maksud nuduhake
samubarang kang cedhak karo pamicara.
(17) Aku ndelehe hp neng ndhuwure lemari. Ing kene lho, cebloke mau. (JB. No. 7 Minggu III Okt 16 Kc. 15)
G: j w l kat kat w
W:
t.a
t.k f.a f.anc f.ses f.kaha
K:
panin tum panggp kat kat pin
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kene”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “ndhuwure lemari”.
Tembung kene ing dhata iku mratandhakake yen pamicara lagi cedhak karo
mitrawicara. Pamaos ora perlu dijlentrehake yen antarane pamicara lan
mitrawicara iku cedhak, wis mangerteni saka ukara kang ngemu teges cedhak iku
mau. Ing kene tembung “kene” kalebu tembung kanggo mangerteni jarak antarane
pamicara lan mitrawicara.
b) Paran
Paran kang ana sajrone makalah iki ngemot
karep parane samubarang arep dumunung neng dunung tartamtu.
(18)
Aku
neng apotek ngarepe rumah sakit. Ayo ndang mrene,
takenteni! (Narko Budiman, 2013: 151)
G:
j kat g j w
W: t.a
f.anc f.anc f.ses f.k
K: panin
kat panin
tum
Ing
ndhuwur tembung “mrene” nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi
anafora yaiku “ngarepe rumah sakit”.
Tembung “mrene” wis mratandhakake yen cedhak karo pamicara.
2) Rada
Adoh
Rada
adoh ing dheiksis dunung iki nduweni teges samubarang kang dikarepake ora
cedhak klawan pamicara lan uga ora adoh saka pamicara, samubarang kasebut ana
ing satengah-tengahe pamicara lan mitrawicara.
a)
Dununge
Ing
pronominal dhemonstratif panggon kang rada adoh ana pronominal dhemonstratif
kanggo dununge lan tumrap parane.
(19)
Kok ora biyen-biyen mangsa ketiga ndandani
got pinggir
dalan. Iku samana suwene
Guna : J w kat j
Wujud : f.kaha f.kaha f.anc f.ses
Kal : panin panggp kat panin
ra rampung-rampung. (Narko Budiman, 2013: 15)
w
f.kaha
kat
Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni
yen ana tembung “iku”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi
anafora yaiku “ pinggir dalan”, mula tembung “iku” menehi teges kang nduweni
maksud nuduhake dunungekang ana utawa dianggep ana sajrone cecaturan kang
cedhak karo wong kang ngrungokake.
(20)
Sari mlebu kamar kerjane kang dumunung ing sisih ngarep, cedhak kamar tamu.
Guna :
j w l kat
Wujud : t.a t.k
f.a f.anc
Kal : panin tum
f.a kat
Ing kono dheweke lungguh ngadhep meja tulis. (PS. No. 47
Minggu 2 Mei 2009 kc. 19)
Kat j
w l
f.ses
t.a t.k f.k
kat panin tum panggp
Saka
dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kono”, nuduhake tembung
sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “ing sisih ngarep
cedhak kamar tamu”, mula tembung “kono”
menehi teges kang nduweni maksud nuduhake dunung kang cedhak karo wong kang
ngrungokake utawa dununge wong kang melu cecaturan.
b)
Paran
Paran
kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng
dunung tartamtu.
(21)
Pur Inis lumah-lumah ing kursi dawa sacedhake
kasir. Bas lan Son langsung mrono.
Guna : j w kat pang j pang
Wujud : t.a f.k f.anc f.anc f.a f.anc
Kal : pan tum panggo panggo pan kat
(Narko Budiman, 2013: 74)
Ing
ndhuwur tembung “mrono” nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi
anafora yaiku “sacedhake kasir”. Tembung
“mrono” nuduhake marang ener kang rada adoh karo pamicara.
3)
Adoh
Adoh ing pronominal dhemonstratif dunung yaiku tembung kang nuduhake
dununge samubarang kang ora cedhak klawan pamicara, lan uga ora cedhak klawan
mitrawicara, adoh iki bisa ateges objek kang dimaksud katon saka papane pamicara
lan mitrawicara, nanging uga bisa ora katon saka papane pamicara uga
mitrawicara.
a)
Dunung
Ing
pronominal dhemonstratif panggon kang rada adoh ana pronominal dhemonstratif
kanggo dununge lan tumrap parane.
(22)
Ibuk tumbaske neng toko Barokah cedhake
sekolahe Faza. “kae ta Buk, batune
lolo
Guna : j
w l pang kat pang
Wujud : t.a
t.k f.a pang f.ses f.a
Kal :
pan tum kat kat
tum
pisan ya, buk?” (Narko Budiman, 2013: 45)
pang
f.a
tum
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kae”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “cedhake sekolahe Faza”.
Tembung “kae” ing tuladha iku nuduhake dunung kang ana utawa dianggep ana
sanjabane cecaturan.
(23)
Adi ngingset kursine nyedhaki
komputer ing poncot kamar. Ing kana, dheweke
Guna : j
w l kat pang kat j
Wujud :
t.a t.k t.a f.k f.a f.ses
t.a
Kal :
pan tum panaggp
pin kat
kat pan
ngetung-etung pembangunan proyek. (PS.
No. 47 Minggu 3 Juli 2015 Kc. 23)
w l
f.k f.a
tum panaggp
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kana”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “poncot kamar”. Tembung “kana”
ing dhata iku mratandhakake yen papane sanjabane pamicara lan wong kang dijak
cecaturan utawa adoh saka kekarone.
b)
Paran
Paran
kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng
dunung tartamtu.
(24) Omahe
Taknis ing kidule Mbah Marto, Kowe dikongkon
mrana.
(Narko Budiman, 2013: 98)
G:
j w kat j pang
W:
f.a f.a kat f.a f.ses
K: panggp
kat pan tum
Saka dhata
ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “mrana”, nuduhake tembung sing
wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “kidule Mbah Marto”. Tembung
“mrana” ing tuladha iku nuduhake marang ener kang adoh saka pamicara lan
pawongan kang dijak cecaturan.
Katrangan :
NO
|
CEKAKAN
|
KATRANGAN
|
1.
|
j
|
jejer
|
2.
|
w
|
wasesa
|
3.
|
l
|
lesan
|
4.
|
kat
|
katrangan
|
5.
|
g
|
geganep
|
6.
|
t.a
|
tembung aran
|
7.
|
t.k
|
tembung kriya
|
8.
|
f.a
|
frasa aran
|
9.
|
f.k
|
frasa kriya
|
11.
|
t.ses
|
tembung sesulih
|
12.
|
f.ses
|
frasa sesulih
|
13.
|
t.anc
|
tembung ancer-ancer
|
14.
|
f. anc
|
frasa ancer-ancer
|
15
|
t.kahan
|
tembung kahanan
|
16.
|
f.kahan
|
frasa kahanan
|
17.
|
panin
|
panindak
|
18.
|
tum
|
tumindak
|
19.
|
pan
|
panandhang
|
20.
|
pin
|
pinurih
|
21.
|
pananggp
|
panangggap
|
C.
Panutup
Saka andharan ngenani pronominal
dhemonstratif ing ndhuwur bisa didudut ngenani teges anafora kuwi sejatine bisa
ditegesake minangka tembung panggenah. Anafora yaiku nuduhake maneh marang
samubarang kang wis disebutake sadurunge sajrone wacana kanthi cara mbaleni
utawa substitusi. Anafora mujudake andharan perangan marang perangan liya kang
ndhisiki. Miturut Purwo (1984:103) anafora kuwi mung nuduhake marang konstituen
utawa ukara sing manggon sisih kiwa. Yen manut tegese anafora kuwi meh padha
karo tembung sesulih, bisa sesulih purusa, panuduh, lan pandarbe. Ing kene
panliti bakal ngandharake ngenani anafora pronominal dhemonstratif ing basa
Jawa.
Pronominal dhemonstratif yaiku
tembung deiktis sing digunakake kanggo nuduhake lan ngganteni purusa. Sesulih
panuduh yaiku kategori kang nduweni guna kanggo nuduhake samubarang ing njero
utawa sajabane wacana.
Pronominal dhemonstratif
nduweni sesambungan karo barang utawa perangan tartamtu kang arep dituduhake. Pronominal
dhemonstratif bisa kaperang dadi telung jinis, yaiku pronominal dhemonstratif
papan, pronominal dhemonstratif panggonan, lan pronominal dhemonstratif dunung.
Kapustakan
Hartadi,
Agung. 2016. “Nggunakake Layah Raseksa Porsine Super Jumbo”. Sajrone Jaya Baya. No. 07 Minggu III
Kariyodiharjo,
Sugeng. 2016. “Absene Buyar”. Sajrone Jaya
Baya. No. 10 Minggu I Nopember
Kridalaksana,
Harimurti. 1993. Kamus Linguistik.
Edhisi ketiga. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama
Kridalaksana,
Harimurti. 2007. Kelas Kata dalam Bahasa Indonesia. Jakarta: PT Gramedia
Pustaka Utama
Krisna,
Alief Putra. 2016. “Ora Duwe Sepatu Rodha Ketinggalan Jaman”. Sajrone Jaya Baya. No. 10 Minggu I Nopember
Purwo,
Bambang Kaswanti. Deiksis dalam Bahasa
Indonesia. (cetakan pertama 1984). Jakarta: PN Balai Pustaka
Rani,
Abdul. 2006. Analisis Wacana (sebuah
kajian bahasa dalam pemakaian). Malang: Bayu Media Publising
S,
Sastrasoepadma. 1958. Paramasastra Djawa. Jogyakarta: Soejadi
Setiyanto, Arya
Bimo. 2007. Paramasastra Bahasa Jawa.
Yogyakarta: Panji Pustaka
Sudaryanto.
1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa.
Yogyakarta: Duta Wacana University Press
Sumarsono.
2012. Pengantar Semantik. Yogyakarta:
Pustaka Pelajar
Wedhawati.
2005. Tata Bahasa Jawa Mutakhir.
Yogyakarta: Balai Bahasa