Wednesday 16 March 2016

Sinau Aksara Jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:46 | No comments

Apa Iku (Aksara Jawa)
                Akeh sing nyebutake aksara jawa kuwi Hanacaraka ( uga dikenal kanthi jeneng carakan ).
Wujud aksara jawa sing saiki wis digunakake awit Kasultanan Mataram ( abad 17), strukture aksara paling sithik awakili rong aksara latin. Tuladhane aksara Ha (a ) wis ngewakili H lan A, mula saka iku sakaksara (jawa) padha karo sakwanda.

Panulisane Aksara Jawa 
                Aksara Jawa nduweni  rong puluh aksara legena, rong puluh pasangan sing nduuweni fungsi nutup swara vokal, 8 aksara murda, 8 pasangan aksara murda, lima aksara swara, lima aksara rekan, lima pasangan rekan, lan uga saperangan sandhangan kanggo ngatur vokal, saperangan tandha waca.

Aksara Legena (dasar)
                Aksara legena yaiku aksara inti kang kaperang dadi rong puluh, uga isa diarani dentawiyanjana, yaiku
Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma ga ba tha nga.



Pasangan Aksara Legena

                Pasangan aksara legena uga kaperang dadi rong puluh, gunane kanggo nyigeg (mateni) aksara vokal aksara legena. Tuladhane “jangan bening”, kanggo ngilangake vokal “a” ing aksara “Na” (manga”Na”)  diperlokake ngganti aksara legena ‘ba’  karo pasangane ‘ba’  (‘B’ening) kanggo nyigeg “N”.  Tanpa anane pasangan (ba) tulisane dadi ( mangana bening )



Aksara Murda

                Aksara murda digunakake kanggo nulis aksara ing ngarep tembung lan uga kanggo tembung sing nggunakake aksara gedhe kayata jeneng wong, gelar, kutha, lan liyane.


Aksara Swara
                Aksara swara yaiku aksara vokal ayata : A, I, U, E, O, sajroning ukara panggunane aksara swara padha karo aksara murda.


Sandhangan
                Sandhangan digunakake kanggo ngatur vokal.


Aksara Rekan

                Aksara rekan yaiku aksara serapan saka basa asing, kayata Kha, fa, dza, gha, lan za.


Panandha
                Sajroning panulisan aksara jawa dibutuhake anane panandha aksara.


Wilangan
                Sakliyane aksara uga ana wilangan.



Sandhangan panyigeg
                Yaiku sandhangan-sandhangan kang kanggone nyiged aksara, kaperang dadi papat kayata, wigyan (…h), layar (…r), ceceg (…ng), pangkon. Lan uga ana sandhangan uawa pasangan kang kanggone kanggo nyigeg aksarra  kayata ‘..r..’, ‘..re..’, ‘..w..’, ‘..l..’, ‘..y..’.

Wigyan (..h)
Sandhangan wigan yaiku salah sijine saka sandhangan panyigeg kang awujud ‘..h’
Tuladhane ing ukara

Layar (..r)
Sandhangan layar uga kalebu sandhangan panyigeg kang wujue ‘..r’
Tuladhane ing ukara


Cecak (..ng)
Sandhangan cecak kuwi ya sandhangan panyigeg sing wujude ‘..ng’
Tuladhane ing ukara


Pangkon
Sandhangan pangkon kuwi nyigeg aksara, perlune mateni aksara vokale. Mung ana ing buri ukara utawa sadurune tandha lingsa..
Tuladhane ing ukara


Lan ana uga kang kalebu panyigeg aksara kayata
Cakra (..ra..)
                Cakra digunakake nyigeg aksara, utamane ing tengah-tengah tembung
Tuladhane ing ukara


Cakra keret (..re..)
                Sakliyane cakra uga ana cakra keret, kang fungsine padha karo cakra
Tuladhane ing ukara


Panyigeg/pengkal (..y..)
                Ana uga sandhangan ‘ya’  kalebu salah sijine panyigeg aksara, kayata ing tembung


Panyigeg (..w..)
                Uga ana sandhangan kang kanggone nyigeg tembung ing tengah-tengah. Kang kalebu kuwi sandhangan ‘wa’
Tuladhane ing ukara

Panyigeg (..l..)
                Sakliyane sandhangan ‘wa’ sandhangan ‘la’ uga isa dadi panyigege aksara, nalika ing tengah-tengah tembung

Tuladhane ing ukara

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads