Ing ngisor iki dulur ana sakcerita kang wis dibumboni kanggo narik kawigatene para pamaca, cerita ii uga kena digawe sumber belajar utawa medhia pasinaon. judhul saka cerita yaiku dumadine banyu biru, yen ana kaluputan saka anggonku ngangit aku njaluk pangapura ang agung
Dumadine Banyu Biru
Ing
sawijining alas ana prajurit saka Majapahit cacahe 2, jenenge Tombro lan Kabut.
Wong loro kuwi kalebu pawongan kang ora trima yen Majapahit dadi Keraton kang
ngagama Islam, dadi dheweke mlayu nganti tekeng alas kang akeh wit jambe.
Tombro lan Kabut nduweni panemu kanggo babad alas kanggo nggawe desa. Prajurit
loro kuwi ora ngerti yen alas jambe iki alas kang gawat, ana jin kebo sing jaga
alas jambe iki, mula saka iku ora ana wong siji-sijia sing wani mbangun omah
ing dhaerah iki. Dumadakan ana swara kebo saka kadohan nyedhaki Tombro lan Kabut. Amargo
Jin Kebo ora trima yen alase dibabati, akhire dadi perang antare Tombro, Kabut
lan Jin Kebo. Nalikane Jin Kebo kalah karo Tombro, dheweke njaluk ampun, akhire Tombro ngampuni Jin Kebo
kanthi sarat Jin Kebo melih dadi wong lumrah lan gelem ewang-ewang njaga desa
sing bakale dadi ing alas iki, Tombro meling aja pisan-pisan dadi kebo maneh,
yen nganti dadi kebo kuwi wis ngalanggar sumpah bakal oleh ukuman saka Tombro.
Yen desa iki wis dadi, desa iki jenenge jambean.
Saya
suwe Desa Jambean iki saya rame, akeh wong kang pindah menyang desa iki lan
mbangun omah. Wong –wong padha urip rukun, tentrem lan santosa amarga olehe
mimpin Tombro wicaksana.Nanging sawijinng dina ana begal kang majegi wong-wong
desa. Kahanan desa dadi bingung amarga begal nggawa kenya, akhire Tombro, Kabut lan Kebo enggal – enggal
teka lan ngrampungi begal sing ngawe rusuhe desa. Sawise kenya ditulungi akhire
Tombro ngrasa kepranan marang Endang
Sulistya kang aran kenya mau.
Sabendinane
Tombro yakuwi olah-olah neng sawah, tetanen kanggo urip sabendinane. Saben neng
sawah Tombro dikirimi sega karo Endang.
Masalah iki sing nggawe atine Kabut rada gela. Amargane awit sepisan nyawang
Endang, Kabut uga ngrasa kasmaran. Nanging apa jare takdir, Endang wis kabacut
tresna marang Tombro.
Nalikane
Kabut nyawang wong loro padha andum
katresnan. Dheweke krasa panas lan ora sengaja ngomong dhewe yen seneng banget
karo Endang. Ndilalah Kebo sing ana burine Kabur krungu lan nggawe salah
paham ing pikire Kebo. Kebo menggalih
yen Kabut kuwi arep ngrebut Endang saka
tangane Tombro. Sanalika dadi perang Kebo mungsuh Kabut. Kabut sing
ngrasa ora duwe salah ya wani wae ngadhepi Kebo senajan kuwi Jin.
Krungu
anane wong perang, Tombro enggal marani sapa sejatine wong kang padha perang
kuwi. Satibane panggon kanyata sing lagi memungsuhan yakuwi balane dhewe Kabut,
kanca rakete lan uga Kebo kang dianggep dulur dhewe Kanggo Tombro. Tombro njaluk pancethan kanggo perkara sing dialami
Kabut lan Kebo. Kebo ngandharake kanthi pamikire dhewe nanging Tombro mbantah
yen sing diandharake Kebo kuwi salah. Amarga Kebo sing mulane rupa manungsa
saiki wis malih dadi kebo maneh, pranyata kuwi wis ngalanggar apa sing dadi
sarate dhek tahun-tahun kapungkur.
Kebo
diseret menyang alas, diajar karo Tombro nganti getihe ngebaki awake. Nanging
Kebo mung bisa meneng wae pasrah karo takdire gusti, yen pancen dinane kudu
oncat nyawane dheweke lila. Dheweke uga
mikir, gawe apa urip yen sinuwune ora percaya maneh.
Nganti
tekan pinggir rawa Kebo isih diajar dening Tombro. Nalika ragane Kebo wis
lemes Tombro nguncalne raga Kebo menyang
rawa-rawa ngani kelep. Sanalika mripate Tombro mendelik, dheweke kapitenggengan
nalika ketip sepisan mau dheweke ngerti kajaibaning donya. Rawa – rawa sing
buteg owah dadi bening banget nganti katon watu-watu ing jero banyu. Dheweke
bingung. Dumadakan ana swara sing ora asing kanggone Tombro. unine ngandharake
bab banyu bening kuwi sawening atine Kebo, ora ngapusi. Ning banyu ana iwak
kang dijenengne iwak tombro, sok yen ana wong kang mangan iwak tombro saka
banyu bening kang warnane biru iki
bakale ora slamet.
Krungu
swara kaya mangkono, Tombro langsung gela lan nyesel banget. Dheweke njebur
banyu nggoleki kebo kang kalelep mau. Kebo katemu lan diunggahne menyang lemah,
nanging kuwi mung raga wae ora ana rohanine.
Ngerti kahanan kaya ngene banjur banyu wening mau diarani Banyu Biru.
0 comments:
Post a Comment