Friday 14 August 2015

Tembang Macapat

Posted by ilmu dasar kehidupan On 20:16 | No comments
Tembang Macapat


Tema dinten menika tembang macapat,
Ing wekdal samenika kathah saking golongan pra mudha ingkang boten mangertosi menapa tembang menika tembang macapat, nanging inggih taksih wonten saperangan kalangan pamudha ngremeni seni tembang macapat. Tembang macapat menika kalebu geguritan nanging gagrag lawas.

Pitakenan ngengingi tembang macapat.

1.   Sejatosipun tembang menika wonten pinten saha menapa kemawon ?
2.   Artosipun tembang macapat menika menapa ?
3.   Sejarah tembang macapat ?
4.   Bentenipun tembang macapat kaliyan geguritan menapa ?
5.   Menawi wonten cirinipun, menapa ingkang dados ciri macapat ?
6.   Tembang macapat wonten pinten kaliyan menapa kemawon naminipun ?
7.   Artos kalihan watak macapat menika menapa ?
8.   menapa ewet ndamel macapat ?
9.   saged dipunparingi tuladha tembang macapat ?



1.  
Tembang wonteng 3, inggih menika tembang alit, tembang tengahan, kalihan tembang gedhe

2.  
Macapat, biasanipun dipunartosaken maca - papat-papat, dipunwaos sekawan -sekawan saben wanda. namung boten menika kemawon ingkang dados artosipun. macapat inggih ugi kalebu geguritan nanging gagragipun lawas.

3.  
Macapat dipunkintenaken wonten sasampunipun Kraton Majapait, ing jamanipun Walisongo tembang macapat dipundamel media dakwah kegem ngrembakakaken agami islam

4.  
Sejatosipun tembang macapat menika geguritan namung geguritan gagrag lawas, menawi bentenipun kaliyan geguritan gagrag modern menika geguritan modern boten kaiket kalihan paugeran menawi geguritan gagrag lawas utawi tembang macapat menika kaiket kaliyan paugeran.

5.  
Ingkang dados paugeran macapat menika  wonten 3, guru wilangan, guru gatra, guru lagu.
Guru lagu             : tibaning swara ing pungkasaning gatra
Guru wilangan      : cacahing wanda saben sagatra
Guru gatra            : cacahing gatra saben sa pada
Pucung 4 gatra                  : 12u, 6a, 8i, 12a
Maskumambang 4 gatra    : 12i, 6a, 8i, 8a
Megatruh 5 gatra               : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Gambuh 5 gatra                 : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Kinanthi 6 gatra                 : 8u,8i,8a,8i,8a,8i.
Mijil 6 gatra                       : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i,6u
Pangkur 7 gatra                 : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Durma 7 gatra                   : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Asmarandana 7 gatra         : 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
Sinom 9 gatra                    : 8a, 8i, 8a,8i, 7i, 8u,7a,8i, 12a

Dhandhanggula 10 gatra     : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a



6.
Wonten 11, menika
Tembang Macapat
  1. Pucung.
  2. Maskumambang.
  3. Megantruh.
  4. Gambuh.
  5. Kinanti.
  6. Mijil.
  7. Pangkur.
  8. Durma.
  9. Asmaradana.
  10. Sinom.
  11. Dhandang gula. 


7.   
1. Maskumambang (Ing Jroning gua garba)
"kumambang" artosipun ngambang. Nggambaraken bayi taksih ngambang wonten gua garba ibu. Watak lagu menika  nelangsa lan keranta-ranta. 

2. Mijil (Lair)
"mijil, mbrojol, mencolot" ingkang artosipun medal. Nggambaraken bayi sampun medal saking gua garba. Watak tembang asih lan tresna.

3. Sinom (Anom)
"kanoman" artosipun anom utawi mudha. Nggambaraken wekdal para mudha menika endah sanget, kebak pangangen-angen, ugi gegayuhan ingkang ageng.Watak tembang grapyak lan renyah.

4. Kinanthi (tuntunan)
"kanthi" Artosipun tuntun utawi dituntun kagem nggayuh gegayuhan ing wekdal samangke. Nggambaraken proses manungsa ngertosi jati dhirinipun. Menggambarkan masa di mana manusia membentuk jatidiri dan meniti jalan menuju cita-cita. watak tembang gumbira.

5. Asmarandana (asmara)
"tresna" artosipun kasmaran. Nggambaraken manungsa nandang wuyung. Watak tembang sengsem.

6. Gambuh (kecocogan)
"jumbuh atau sarujuk" artosipun sarujuk. Nggambaraken manungsa sampun cocog ugi siyap ngayahi bebrayan.Watak lugas, blaka, tanpa ragu-ragu, kangge pitutur.

7. Dhandhanggula (senang)
"kasembadan" Artosipun kasenengan. Nggambaraken kasilipun urip bebrayan.Watak tembang luwes lan sengsem.

8. Durma (dermawan)
"darma aatau weweh" Seneng aweh.Nggambaraken wujud raos syukur dumatheng Pengeran. Watak lagu Tembang nesu lan muntab.

9. Pangkur (Ngadohi hawa nepsu)
 "mungkur" artos ngadohi.Nggambaraken manungsa nyingkiraken hawa nepsu ingkang ala.Watak lagu ini sereng lan gagah.
10. Megatruh (pati)
"megat roh" medale roh. nggambaraken medalipun roh saking raganipun manungsa.Watak tembang nglara lan sedih.

11. Pocung (binungkus mori putih)
"pocong" artos binungkus mori. Nggambaraken manungsa sampun titi wancine nggadah dalem enggal inggih menika wonten alam kubur.Watak tembang sembrana, gecul, ora ana greget saut.


8.
gampil, gampil, ewet. menawi sampun kulina ndamel karya kadosipun geguritan, ndamel macapat kadosipun ugi gampil. bakunipun kedah wonten pakulinan.



9.
Tembang pambuka ing serat Wedhatama Pupuh I Pangkur, karyaning KGPAA Mangkunegoro IV
Pangkur.
Mingkar-mingkuring ukara
(Membolak-balikkan kata)
Akarana karenan mardi siwi
(Karena hendak mendidik anak)
Sinawung resmining kidung
(Tersirat dalam indahnya tembang)
Sinuba sinukarta
(Dihias penuh warna )
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
(Agar menjiwai hakekat ilmu luhur)
Kang tumrap ing tanah Jawa
(Yang ada di tanah Jawa/nusantara)
Agama ageming aji.
(Agama “pakaian” diri)


PANGKUR
Werdine sabar mangkono
Datan kemba ing sabaran makarti
Ngapura mring para luput
Linpat ing panggraita
Tan kasesa waspada ing hambeg dudu
Tandang grayang mung samadya
Tanduk aris ulat manis
POCUNG 
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
SINOM
Nulada laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksi ganda
Panembahan senapati
Kepati amar sudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata


GAMBUH 

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadulu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon



MASKUMAMBANG
Putri cina gelangsaran kawlas asih
Mara kelaswara
Pedangen juren wakmami
Aja andedawa lara



MIJIL  
Kamardikan wajib dirungkebi
Lair trusing batos
Ngelingana biyen keh korbane
Bandha donya nganti tekan pati
Lila tanpa pamrih
Penjajah katundhung


DHANDHANGGULA
Pethikan saking Serat Wulangreh anggitan Sri Pakubuwana IV

Lamun sira anggeguru kaki,
Hamiliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabaté,
Sarta kang wruh ing khukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sokur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkur,
Tan mikir paweh ing lyan,
Iku pantes sira guronana kaki,
Sartané kawruhana.


ASMARANDANA
Nora gampang wong ngaurip,
Yen tan weruh uripira,
Padha lan kebo uripe.
Angur kebo dagingira,
Khalal yen pinangana.
Pan manungsa dagingipun,
Yen pinangan pasti kharam. 

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads