Wednesday 19 August 2015

Ruwatan

Posted by ilmu dasar kehidupan On 18:57 | No comments
RUWATAN



Ruwatan satunggaling tradhisi ingkang ngrembaka ing tanah jawi. Ruwatan dipunwontenaken kagem tiyang-tiyang ingkang nandang sukerta. Tradhisi menika kagem nolak balak, kados ta ewet pados jodo, sakit-sakitan, usaha ingkang terus gagal. Ruwatan boten dipundamel kagem manungsa kemawon ugi damel panggenan.


Pitakenan ngenani ruwatan.

1.       Menika ingkang dipunarani ruwatan?
Ruwatan menika salah sawijining upacara adat Jawa ingkangacasipun kangge mbebasaken tiyas komunitas utawi papan panggenan saking ancaman bebaya.

2.       Sejarahipun ruwatan ?
Upacara adat menika asalipun saking cariyos Bathara Kala. Bathara Kala inggih menika buta ingkang doyan neda manungsa. Bathara kala menika putranipun saking Bathara Guru utawi wayahipun para dewa.
Jinising manungsa ingkang dipunremeni Bathara Kala lan dipunkuwatiraken nglampahi sukerta (Tiyang ingkang nandhang blai) .

3.       M akna saking ruwatan menika menapa ?
Maknanipun ruwatan sejatosipun menika reresik dhiri saking sakathahing dosa saha panggawe ala, ugi kagem nggagengaken rasa dimen dhateng Gusti Akrya Jagad. Tembung ruwat ugi nnggadahi teges bebas saking gudha, coba, bebendu, lara saha sapanunggalane

4.       Menapa wonten larangan ing ruwatan ?
Ing kapitayan tiyang jawi wonten wanti-wanti supados tiyang ingkang ngandhut boten angsal mirsani ruwatan amargi daya saha kakiyatan saking ruwatan menika saged ngguguraken calon bayi.

5.       Sinten kemawon ingkang dipunruwat ?
Biyasanipun ingkang dipunruwat inggih menika
-          Ingkang lair tunggal utawi ontang-anting.
-          Kembang sepasang utawi kembar.
-          Sendhang kapit pancuran utawi jaler estri jaler.
-          Pancuran kapit sendhang kados wadon lanang wadon
-          Pandhawa anak 5 putra sedaya
-          Pandhawi anak 5 putri sedaya
-          Kendhana kendhini, lanang wadon
-          Gondhang kasih, anak 2 benten pakulitanipun
-          Jawi ngirit banteng, anak mbarep wadon, sanesipun jaler
-          Saramba, sarimpi, anak 4 putra, anak 4 putri

6.       Menawi boten diruwat menapa wonten kadadosan ingkang boten dipunpurunaken ?
Wonten saperangan tiyang percados menawi boten dipunwontenaken, wonten bebaya ingkang medal, kados ta ewet kantuk jodo, gampil sakit, ewet ing pedamelan, menika menawi kagem manungsa. menawi kagem panggenan menika asring ginanggu dening makhluk ghaib.

7.       Persiapan kagem nglajengaken ruwatan kados pundi ?
-          Para sukerta ndamel ageman sarwa putih, lambang saking kasucen
-          Tiyang sepuh saking sukertandamel ageman adat ingkang sae
-          Sawijining dalang sepuh ingkang mangertos saking upacara ruwatan.
-          Sesajen ingkang dibetahaken ugi macem-macem

8.       Tata cara nglajengaken ruwatan kados pundi?
-          Pra sukerta dipunsarengi tiyang sepuh dhateng dhalang kagem diruwat.
-          Para sukerto lungguh sila ing wingkingipun dhalang nalikanipun wayang dipunlakokaken. Para tiyang sepuh ngrencangi putranipun
-          Dhalang miwiti ndhalang kanthi lakon murwakala


Saking parembagan menika saged dipundudut menawi ruwatan dipunwontenaken kagem nolak balak. ugi wonten syarat-syarat sinten kemawon ingkang badhe dipunruwat. rwatan ugi boten kagem manungsa kemawon nanging saged kagem panggenan supados tebih saking gudhanipun para ghaib.

Menika ingkang saged kula andharaken bilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangaksami, matur nuwun sampun maos parembagan menika, mugya saged nuwuhaken kawruh kagem panjenengan sedaya.

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads