Tuesday 18 August 2015

Gamelan

Posted by ilmu dasar kehidupan On 20:20 | No comments

 GAMELAN


Gamelan Jawa menika  saperangkat piranti musik tradisional Jawa ingkang nggadahi titikan swantenipun lembut saha ndadosaken kahanan ingkang marem dhateng penggalih, ing pundi menika dipunlarasaken kalihan prinsip-prinsip kasugengan masyarakat Jawi.


Pitakenan - pitakenan ngenani gamelan


1.       Pangertenipun gamelan menika menapa ?
2.       Sejarah gamelan menika kados pundi ?
3.       Kados pundi komposisi gamelan menika?
4.       Fungsi saking gamelan menapa ?
5.       Jinisipun gamelan wonten pinten ?
6.       Perangkatipun gamelan menapa kemawon ?


Jawab

1.             Miturut pangerten etimologi gamelan menika saking tembung “gamel” ingkang artosipun nabuh, kalihan  kantuk wuwuhan ‘an’ dados tembung krinya nabuh dados tembung aran. Dados gamelan menika saged dipunartosaken nabuh barang

2.             Kanthi adhedhasar katrangan saking Gusti Puger Putra XII, saha serat Wedhapradangga, gamelan lair ing tanah jawi menika gangsa laras slendro. Wekdal menika namung wonten 5 piranti ing gamelan inggih menika Gendhing (kamanak), Kethuk, Kenong, Kendhang ageng, Gong.

3.            Wonten aturanipun, saperangan puteran diwatesi setungal gongan. Komponen alat musik gamelan menika  kayu, kalihan logam. 

4.             Kathah, kados ta damel iringan ing pagelaran, ludrug, kethoprak, ringgit purwa, tari topeng. Inggih saged ugi dame, tari adat. Damel lagu gendhing ugi.
Gamelan jawi saged ditampilaken kanthi warna-warna, kados:
Soran, gendhing-gendhing menika swantenipun banter, piranti gamelan sedaya ditabuh kajawi gender, gambang, rebab, suling saha siter. Tempo ingkang digunakaken seseg, tanggung.
Lirihan, gendhing ingkang ditampilaken menika alusan. Ingang diutamakaken, gender, gambang, suling, siter.
Wonten iringan upacara adat ugi.
Gamelan sekati, ditabuh nalikanipun wonten upacara sekaten, 5 mulud ngantos 12 mulud
Gamelan munggang, penobatan sultan, supitan, mantu, grebegan.
Gamelan Carabalen, menawi wonten tamu.

5.             Wonten 2, wonten slendro. Ingkang titi larasipun 1,2,3,5,6. Lajeng wonten pelog titi larasipun 1,2,3,4,5,6,7.
Ing slendro dipunperang ugi. Kados ta, slendro pathet  nem. slendro pathet sanga, slendro pathet manyura. Menawi wonten pelog menika pelog pathet lima, nem, kalihan barang.

6.             Bonang ( barung, penerus ), Gambang, Gender (barung, penerus), Kempul, Kendhang, Kenong, Gong, Kethuk kempyang, Rebab, Slenthem, Suling, Balungan (Demung, Saron, Peking)

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads