Wednesday 6 April 2016

Kirap Agung Nuswantara

Posted by ilmu dasar kehidupan On 04:58 | No comments

Mojokerto

            Ing Mojokerto ewon seniman kang ngebaki area Pendhapa Agung Trowulan. Acara taunan grebeg Sura Majapait iku panggah dadi tradhisi sing dianti-anti dening warga sakubenging Trowulan uga dhaeera jaba Trowulan. Adicara pengetan taun saka anyar iki diwiwiti kanthi macapatan kang dieloni seniman Jawa saka dhaerah ngendi-endi. Ora mung kalangane wong tuwa wae, ning kalangan pamudha nganti bocah cilik-cilik padha melu macapatan kang isin macapat mau ngandhut makna kang wigati. Proses macapatan dipungkasi kanthi pagelaran wayang kulit. Rancangan acara diwiwiti kanthi nglakokake ritual ing panggon-panggon patilasane Kraton Majapait. Kayata, jiarah leluhur kang digelar ing Taman Makam Pahlawan, Siti Inggil, lan Sumur Upas sing ana ing sapinggire Candi Kedaton ing Desa Sentonorejo, Trowulan.
            Adicara dilanjutake kanthi pagelaran seni sing nampilake pagelaran Bantengan lan Reog Ponorogo. Pagelaran iki dadi hiburan sing gratis kanggone warga sakitar. Akeh hiburan  kasenian kang digelar minangka warisan saka budaya leluhur. Prosesi sing dianti-anti karo para warga yakuwi Kirab Sesaji Sura. Pasertane nglakokake kirab saka Museum Trowulan nganti tekeng Pendhapa Agung kanthi dandanan jaman krarton Majapahit. Warga sakitar uga nggawa kasile tetanen. Ritual iki minangka wujud sukur kanggo nikmate Gusti Allah.

Wisnu P.B.

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads