Halo para dulur, kali ini saya akan meng-update tentang cerita anak. cerita anak terbagi menjadi cerita anak rendah dan cerita anak tinggi. Cerita anak ditujukan kepada anak-anak yang dikarang/dibuat oleh orang dewasa atau juga para anak-anak. tujuan dari dibuat cerita anak ialah agar si anak mengerti tentang sastra dan amanat-amanat yang terkandung dalam cerita. Berikut di bawah ini ialah contoh cerita anak berbahasa Jawa.
Wite Tawon
Saben awan bar mulih saka sekolahan
wis dadi adate Wahyu mesthi petangkringan aneng wit rambutan ngarep omah. Bab
sing njalari yaiku awit usum anane rambutan. Dhasar bocah isih kelas siji SD,
ngerti who-wohan sing isih ijo, kuning langsung wae diembat, nganti wong omah
durung isa ngrasakae rasa rambutan sing abang. Kang dadi gumun, bocahe kuwi
isih cilik kabeh sakpantarane wae yen arep njupuk nggunakake siteng. Beda karo
Wahyu, dheweke wis wani munggah-munggah pating penculat-penculut kaya dene wong
sing profesional.
“Wahyu,
aja dhuwur-dhuwur yen menek wit, mbediding aku nyawange.” Pambengok ibune Wahyu
ing ngisor wit.
“Pun
ta buk, tenang wae, kula niki jagone penek-memenek lo buk.” Jawabe Wahyu.
“Wis
ta mudhuna! Iki lo aku duwe apa?” ibune Wahyu nggodha Wahyu ben gelem mudhun.
“Halah
paling ya permen.”
“Dudu,
wis ta, iki lo selak entek lo.”
“Moh
buk, paling ya bohong.”
Senadyan
digodha kaya ngapa wae, Wahyu tetep ora gigrig, panggah ora gelem mudhun, sik
penak milihi rambutan-rambutan sing kuning-kuning.
Ora
let suwe saka iku, Toni, Tri, Hendruk, lan Budi kanca SD sakelase Wahyu tekeng
omahe. Kabeh mau marani Wahyu kareben ngejak dolanan ing pekarangan. Wahyu
gage-gage mencolot mengisor gawe kagete ibune sing penak-penak lungguh. Dheweke
njaluk pamit menyang ibune perlune bal-balan ing RT kidul panggone pekarangan
amba. Ibune ngidini Wahyu dolanan, nanging menging ben sing ngati-ati, lan
diutus mulih yen wis jam setengah papat mergane wayah kanggo ngaji. Yen isih
dolanan nganti surup menggko diparani Candia la.
Sawise
njaluk idi, bocah lima mau mbleber mlayu balapan menyang pekarangan sing adohe
kira-kira 500 meter saka omahe wahyu. Toni mlayu ndisiki ditututi Budi. Tri
bocah sing paling dhuwur nyepetake langkahe. Banjur jagone menek ora gelem
kalah, dheweke uga mlayu gawe langkah kijang ben cepet tekan panggon. Bocah
papat tekan panggon kaya-kaya kepegelen kentekan oksigen, kringete dleweran,
ambegane menggos-menggos, nanging bocah-bocah mau ngguyi pating kemekel sinambi
lelungguhan ing pos pinggir pekarangan.
“He….ana
sing ilang.” Bengoke Toni.
“Apa?
Dhuwitmu ta?” Jawab Budi.
“Mulane
ta, aja banter-banter yen mlayu, wong nganggo kathok endek ngunu kok e, jelas
gampang ceblok.”saurane Tri
“Dudu
dhuwit, yen dhuwit pancen aku gak duwe, hhaha.”
Durung
ngerti apa sing dumadak ana bocah sing bengok
“WEEEE….”
Ndilalah
sing bengok kuwi Hendruk. Bocah papat padha ngguyu kemekelen, ngerti apa sing
ilang saka kawanan kuwi, kanyata sing ilang iku Hendruk. Bocah sing paling lemu
dhewe sakelas. Kringete Hendruk sakrikil-krikil pating ndredes. Raine nganti
abang branang. Katon yen dheweke meksa mlayu nguber kanca-kancane nang
pekarangan. Pekarangan amba kidul desa iki pancen wis dadi panggon dolanane
para bocah awit biyen. Kadhang yen usum dolanan kekeyan utawa gangsing mesthi
papan kuwi sing digawe. Ora mung kuwi,
dolanan apa wae yen lagi usum ora ana papan liya sing dienggo kajaba pekarangan
iki. Sakliyane amba, pekaranan kuwi ake wit-witane, mula krasa nyaman lan
adhem, ing pinggir uga ana pos kena kanggo canggkrukan.
Wahyu
ngadeg marani Hendruk sing isih menggos-menggos, “Bro, piye yen awak dhewe
penekan golek juwet ing kulon pekarangan yo.”
“Setuju,
nanging aku ra isa menek e” Jawabe
Hendruk. Bocah gendhut iki yen ana perkara mangan mesthi budhal wae.
“Wis
ra usah bingung, kowe nyang ngisor wae Druk, ben sing menek aku, Toni, Budi,
karo Tri wae.
Bocah
papat menek wit juwet kang diwiwiti dening Wahyu. Hendruk ing ngisor karo
ongak-ongak bengok-bengok njaluk diuncali juwet. Kamangka kancane durung tekan
ndhuwur, isih kangelan munggah.Kurang luwih 20 menit bocah papat teka ndhuwur.
Tolah-toleh nggolek juwet. Nanging sing ana ung abang –abang, mateng kemampo
rasane sih sepet.
Dumadak
wis krungu swarane adzan asar, tetenger wayah kanggo ngaji. Nanging Wahyu
mengeng wae ora nggatekake. Kancane wis padha ngajak mudhun. Sebutane wae
pancen bocah nakal, dheweke panggah ora gelem mudhun.
Budi
nyablek bokonge Wahyu, “Yu ayo mulih wis jam papat, gage budhal ngaji selak
buyar mengko.”
“Iya
Yu ayo budhal ngaji, mau lak wis diutus mulih ibumu jam setengah papat ta?”
unine Tri karo ngrangkul lan mlorot saka wit.
“Kowe
kabeh muliha dhisik aku sik nggolek juwet ki lo, mengko ya tak caosne ibuk kok
juwete.”
“Ya
wis aku mulih dhisik ya karo cah-cah.” Bengoke Tri sing wis ing ngisor wit.
Wahyu
isih penakan ing wit, nganti kesake warnane ungu merga jerone juwet sing saking
akehe nganti mlethet. Wahyu isih mbacutake anggone menek, malah dheweke saya
mudhik saya dhuwur. Saking senenge penekan nganti ora ngerti wayah wis surup.
Nalika arep mudhik maneh, dumadakan tangane Wahyu ora sengaja nyekel omahe
tawon nganti omahe kuwi lugur. Tawon padha muleng-muleng ing ndhuwur, wahyu
sing ngerti kuwi gage-gage mudhun ngadohi tawon. Arep tekan ngisor sik mlorot
wit, tawon-tawon mulek ing ndhuwur sirahe Wahyu. “Mak nyus” tawon-tawon kuwi
ngentup sirahe Wahyu.
“Lo,
kena apa sirahmu kok pating benjol.” Takone ibune nalika ngerti Wahyu mulih
injen wayah surup karo nangis ndrenginging.
“Di-di-di
entup ta-ta-ta-won.” Saure Wahyu karo nangis kamisesegen.
“Mulane
ta, omonge ibuk iki dirongokna, mau lak wis
matur ta. Menawa mulih kuwi jam setangah papat aja nganti tekan surup.
Rak dadi ngene ta yen ora ngrungokne omeonge wong tuwa.”
Dina
iku uga Wahyu ngerti apa sing disebut “candi ala” lan rupane piye dheweke uga
ngerti. Wiwit iku uga dheweke mesthi ngrungokake dhawuhe ibune.
0 comments:
Post a Comment