Friday, 18 November 2016

Katak Hijau dan Kancil

Posted by ilmu dasar kehidupan On 06:05 | No comments
cerita hewan kali ini membahasa kancil lagi kawan . hahaha... memang terdapat banyak sekali cerita yang menceritakan kancil. cerita ini tentang Kancil dan katak hijau. mungkin sebagaian dari dulur-dulur sudah mengetahui, tapi kayaknya masih banyak yang belum tau.



Kancil lan Kodhok Ijo



Kancil pancen kewan sing pinter golek kanca
Kancane akeh banget yaiku kodhok ijo, trowelu, tikus, lan landhak. Wis telung dina kodhok ijo ora krungu swarane “kung”
Biasane dheweke grapyak dhewe. Kancil nggoleki ing alas ora ketemu. Kancil kepethuk karo landhak. Landhak matur yen kodhok ijo ana ing alas kidul laihan mencolot lan nglangi. Kancil kaget kena apa si kodhok ijo tingkahe  kok nganeh-nganehi.
Kancil banjur menyang alas kidul
Kancil takon “Kung....ana perlu apa kowe kok ing kene?”
Nglangi lan mencolot, nanging kabisan kalah karo iwak lan walang sing awake cilik kae. Mulane aku latihan esuk sore nglangi lan mencolot. Nanging aku ora bisa nandingi kapinterane iwak lan walang.
“Aku isin Cil, aku wis gagal!”
”Kung.. kowe iku luput ya.. ! Aja meri ... Aja drengko... Aja umuk. Gusti Allah iku adil, ora pilih kasih. Kowe bangsane kodhok pinter nglangi lan mencolot, nanging iwak bisa nglangi ora bisa mencolot.
Walang bisa mencolot nanging ora bisa nglangi.
Mulane Kung ayo padha bersyukur, kabeh mau wis diwenehi kepinteran dhewe-dhewe.
Iya...iya Cil aku sing luput. Yen ngono ayo bali Kung kanca-kanca wis padha kangen karo swaramu
Kung.. Kung.. Kung...

diselaikan oleh Ariska Hariyani

Kambing dan Harimau

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:58 | No comments
Cerita berikut tentang harimau, kambing serta Kerbau. hewan-hewan tersebut dihidupkan seperti layaknya manusia. bagaimana penganggit akan menghidupkanny?
cerita akan ditulis menggunakkan versi Jawa



Wedhus lan Macan


Rikala semana, ing sawijine panggonan sing garing lan gersang, urip kebo sing kuru. Amarga ora ana suket sing kena dipangan. Kebo banjur pindah menyang panggonan liya sing luwih subur, nalika wis teka papan kang luwih subur, lan akeh suket. Kebo mbatin seneng “Nah, ya iki pangananku, wareg aku yen sukete akeh kaya ngene.”
Kebo geage mlayu karep arep ndang mangan suket-suket ijo kuwi, nanging ora dikira ana macan sing ngedhang-ngedhangi. Banjur omong, “kowe ora bisa mangan neng kene sadurunge oleh ijin teka aku.”
“Ya wis, yen ngono aku pamit marang kowe can, aku pengen mangan suket-suket iki.”
“mangga, tapi syarate kowe kudu manut karo aku.” Saute macan. “amarga, sapa wae sing arep mangan suket neng kene iku mesti ngewenehi apa wae sing tak jaluk. Nah, aku pengen kowe sesuk ngewenehake atimu neng aku.”
Kebo mikir kanthi bingung, banjur semaur “ya wis, bakal dak wenehake atiku iki.”  Sidane kebo janji bakal ngewenehake atine marang macan.
Seminggu sawise kebo janji marang macan, macan teka. Tanpa dielingake Kebo uwis ngerti apa tujuwane Macan mara, ya ora liya kanggo njaluk atine kebo kaya sing wis dijanjikake.
“Piye karo janjimu Bo?” pitakone macan
“Anggonmu nagih janji kuwi kecepeten can.” Semaure kebo. “Sabar, sesuk wae yen awakku wis lemu tagihen maneh janjiku.”
Kira-kira 3 wulanan sawise kebo mara ing papan subur kuwi, awake kebo wis ketara lemu. Ngerti yen kebo wis lemu, macan mara maneh nagih janji. Tapi kebo ora gelem ngewenehake atine, “Kena apa aku kudu ngewenehake atiku iki? Pramila aku ya mung mangan suket kene. Njur iki suket lah ya duwekku barang ta.” Pikire kebo.
Keprungu iku, macan ngamuk, nanging kebo uga wis siap anggone arep nglawan si macan. Pungkasane kebo lan macan gelut, anggone gelut iku suwi banget. Kebo wis ora kuwat nglawan macan sing kuwat iku. Kebo mlayu sabanter-bantere, Macan ora gelem kalah, macan nguber kebo terus-terusan.
ing tengahe dalan kebo ketemu karo Jaran.
“nyapo kowe kok playon kaya mangkono?” takone jaran.
“aku diuber macan. Macan iku arep mateni aku,” semaure kebo.
“wis, kowe ora usah wedi. Saiki ndelika wae neng mburiku!” saute jaran kanthi sombong.
nalika macan teka, jaran tarung karo macan. Nanging pungkasane Jaran kudu ngakoni yen Macan iku pancen kuwat lan ora bisa dikalahake.
Jaran lan Kebo sidane mara menyang panggonane Bantheng.
“dulurku, aku lan kebo arep dipateni macan. Macan saiki lagi ngiter aku. Tulungana aku lan kebo ya.” Penjaluke Jaran.
“ya, yen pancen macan pengin mateni kowe kabeh, ben macan mateni bantheng sing kuwat iki dhisik.” Ujare bantheng sing sombong. “ neng endi saiki macan kuwi?”
Kebo lan jaran durung semaur, nanging macan uwis mencolot kanthi swara ngaum kang banter. Sidane macan lan bantheng uga tarung kanthi sengit. Nanging sidane Kebo, Jaran lan Bantheng mlayu keweden amarga si bantheng uga kalah nalika nglawan macan. Nanging macan ora marem yen durung bisa mangan kewan telu kuwi, macan terus nguber Kebo, Jaran lan Bantheng.
Sawise mlayu adoh, Kebo, Jaran lan Bantheng iku teka ing sumur sing wis asat ora ana banyune. Njur ketemu wedhus, Bantheng crita marang wedhus ngenani critane karo macan  mau. Ora kakean omong wedhus siap anggone arep ngewangi kewan 3 maeng. Nanging kewan-kewan kuwi ora percaya.
“Kowe arep ngewangi aku karo kewan-kewan iki? wis karuwan melua mlayu tinimbang kowe mengko dipangan macan. Macan kuwi kuwat, hla kowe mung wedhus kewan cilik sing ora nduwe kakuwatan apa-apa.” Omonge jaran sengit.
“iya, ora mungkin kowe bisa ngalahne macan sing kuwat.” Saute kebo.
Kewan telu mau banjur ndelik ing gubug sacedhake sumur, ninggalake wedhus. nanging wedhus ora mlayu, dheweke tetep neng kono karo mikir. Wedhus banjur oleh ide, dheweke mblodro woh kaktus meyang awake, nganti awake dadi abang. Ora suwi, macan teka kanthi praupan muntab.
“apa kowe weruh Kebo lan kanca-kancane?” takone macan.
“iya, ana apa?” saute wedhus
“kabeh kewan kuwi bakal dak pateni.”
“kewan-kewan kuwi uwis dakpateni kabeh, merga ngganggu aku. Iki sawangen awakku dadi abang kabeh merga getihe. Kewan 3 kuwi wis dakpateni. Yen kowe ya ngganggu aku, kowe ya bakal dakpateni.”
“Kowe dhus? Ora mungkin kowe isa mateni kewan telu mau. Yen bener kowe wis mateni kebo lan kanca-kancane, saiki dudohana aku neng endi mayite kewan telu mau kabeh?” takone macan semu ora percaya.
“yen kowe pengin eruh kewan telu mau, incengen sumur iku!”
Macan bingung, banjur macan ngongak nginceng njero sumur. Durung nganti macan ndelok isine sumur, wedhus nyruduk awake macan nganti nyemplung ing sumur lan mati. Jaran,kebo lan bantheng njaluk sepura marang wedhus amarga nyepelekake, lan ngaturake maturnuwun amarga wis ditulung saka bebaya.


diselsaikan oleh Alfiah Meisari

Cerita Angsa dan Cerita Kura

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:51 | No comments
Cerita tentang Jawa tidak hanya membahas kekuasaan ataupun tahta saja,
tetapi bayak hal lain seperti halnya hewan. Cerita tentang hewan terdapat dalam serat Tantri Kamandaka. Berikut cerita yang berada dalam serat Tantri yyaitu cerita Angsa dan Kura-kura. 

Cerita Bulus

Ana bulus kang panggonan omahe ing danau Kumudawati. Danau iku kebak maneka werna bulus yaiku putih, abang, lan biru.
Ana angsa lanang-wadon, wira-wiri golek panganan ing danau Kumudawati kang banyu asale saka telaga Manasasara. Angsa lanang kasebut jenenge si Cakrangga, yen wadon jenenge si Cakranggi. Senajan dheweke mesti ketemu neng telaga, angsa lan bulus kasebut dadi kanca cedhak. Wektu musim katiga bakal teka.
“Angsa ngewenehi pitulungan marang bulus yen dheweke bakal ninggal panggonan telaga iki amarga saperangan wektu sabanjure telaga iki bakal asat. Yen pengin pikantuk banyu iku adoh, saengga dheweke ngajak bulus kanggo pindah panggonan ing telaga cedhake Himawan kang jenenge telaga Manasasara. Banyune resik, bening lan ora bakal asat senadyan wektu musim katiga.” clathune angsa.
“Aduhai kanca, tresnamu gedhe banget marang sampeyan, saiki sampeyan bakal ninggalake aku, upadaya iki kanggo nguripi uripmu dhewe. Kapan wae sampeyan arep lunga senadyan kuwi sedih utawa seneng bakale melu uga kita padha gumantung karo banyu.” Njawabe bulus
Sumahur ikang hangsa; “Aum sang pas, hana kira-kira ning hulun nihan. Haneki kayu sahuten denta ri tengahnya, mami sumahuta denta ri tungtungnya, sana-sini lawan swami ning hulun. Haneki kayu, sahuten denta, ri tengahnya; mami sumahuta ri tungtungnya sana-sini lawan swami ning hulun. Kawasa mene dening hulun humiberakena ri kita, haywa ta hiwang denta manahut, nguniweh haywangucap-ucap. Salwir ning katungkulan, mene yan ngwang humiberaken iri kita, haywa juga hinaruhan denta. Hana atakwana, haywa juga sinahuran, yeki ulahan ta; haywa ta tan pamintuhu wuwus mami. Kunang kita yan tan pamintuhu warah mami, tan siddha kita tekeng dwan, mapuputan pati.
Mangkana ling nikang hangsa ya ta sinahut tengah ikang kayu denikang pas; tungtung ikang kayu, mwang bungkahnya, cinucuk denikang hangsa, sana-sini jalwistri kanan kiri, teher amor ikang pas winawa dening hangca amare rikang talaga mana sasara kah yunira.
Huwus madoh ulihnyamer, datang pwa ya ri ruhur ikang tegal wilanggala.

Cerita Angsa


           Angsa mangsuli, “inggih bulus. Aku duwe akal kepriye yen sampeyan manggut ujunge ranting kiwa, sijine kang tengen dipanggoni istrine. Nanging awakmu kudu kuat nggawa miber awakmu, aja kendor wektu manggut lan ngomong ing dhuwur. Kudu matuhi apa kang wis dakprentah karo angsa yen kapengin nyampek tujuwan kawitan kang wis dakrencane pancen kudu nuruti apa kang diandharake dening  angsa. Banjur dipanggut kayu iku karo bulus lan digawa miber bareng angsa tumuju telaga Manasasara. Ora krasa mibere angsa wis tekan ladang Wilanggala.
Wahu mangang tutuknya pwa ya ikang pas, huwa teka kayu sinahutnya tiba ikang pas ring ksiti tala, linud ika pinangan dening sregala salakistrinya.
Mati ikang pas sasomah, ikang hangca kari kerangan apan tan pinihutu sapa wekasnya nguni ring purwaka, lumaris ikang hangca mareng telaga manasasara.

Diselesaikan oleh Yunita Andri Anggraini
 

Ayam dan Kancil

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:05 | No comments
Memang cerita hewan kebanyakan membahasa tentang kehidupan kancil. Cerita berikut juga akan membahas tentang kecerdikan  si kancil. Bagaimana kecerdikannya?
cerita tentang ayam dan Kancil versi Jawa.



Pitik lan Kancil


Mbak Sumini, wong sing dodol bakso nduwe Pitik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik mesthi usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke kadang-kadang ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik gawe tingkah laku lucu kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.
Sawijining ndino Pitik luga adoh, terus ndelik ning guwo Slarong karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwa
            "Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik" pitakone Kancil

            "Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane" 

            "Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!" jawabe Kancil.
            “Aku peel kancil. Aku kesel  banget, amarga saben pendhak dina kudu ngaranf crita aneh-aneh supaya padha gelem cedhaka karo aku. Kanca-kancaku mesthi padha ora gelem srawung karo aku sing wulune akeh, menawa aku ora isa gawe ngguyu”

            "Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan,ngomonge kancil”
"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?"

            "Laiyo rasah no! Mbak Suminii juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru" nasehateKancil

            "Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karokanca-kancaku"

            "Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe” gunemekancil
"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik kanthi rupa sumringah.

            Wiwit dina iku Pitik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik seneng ngrungokke omongane pithik liyane 

Diselesaikan oleh Dwi Catur Ayu Paninggih

Total Pageviews

anti block

G.ads