Tuesday 25 September 2018

Watak Tembang Macapat

Posted by ilmu dasar kehidupan On 20:38 | No comments
Watak lan Makna Tembang Macapat


      Sekar alit utawa sing asring keprungu yaiku tembang macapat. Diarani macapat merga yen maca papat-papat, nanging miturut alure jaman macapat ora diwaca papat-papat maneh ning diwaca kanthi ndeleng pepdhotane tetembungan sajrone tembang. Umume tembang macapat diperang dadi 11 tembang, kayata; Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmarandhana, Gambuh, Dhandang Gula, Durma, Pangkur, Megatruh, Pucung.

     Saka sewelas tembang macapat mau kabeh kuwi nduweni mana lan watak dhewe-dhewe, ora mung kuwi wae para pujangga uga nyimbolake alure uripe manungsa lewat tembang macapat awit lair ngnti binungkus kain mori

    Kanggo ngerteni kepriye sipat lan watake tembang klik link ing ngisor
1) Maskumambang, 
2) Mijil, 
3) Sinom, 
4) Kinanthi, 
5) Asmarandhana, 
6) Gambuh, 
7) Dhandang Gula, 
8) Durma, 
9) Pangkur, 
10 Megatruh, 
11 Pucung.

      Sakliyane kuwi sajrone pangriptan macapat kudu ngerti paugeran-paugeran kang gegayutan karo tembang, kayata; Guru lagu, guru Gatra, Guru wilangan.
Guru lagu yaiku aksara vokal ing pungkasan gatra (baris)
Guru Wilangan yaiku cacahe (jumlah) wanda (suku kata) saben sakgatra (baris)
Guru Gatra yaiku cacahe gatra (jumlah baris) saben sakpada (bait/paragraf)
            Paugeran-paugeran kabeh tembang macapat, wis katulis ing sajrone link ing dhuwur.
          Cukup sakmunu sing bisa kandharake, muga bisa migunani kanggone para pamaos, nuwun

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads