Tuesday 23 December 2014

Makalah panambang -ake

Posted by ilmu dasar kehidupan On 08:01 | 2 comments
Contoh Makalah Morfologi tentang akhiran -ake dalam bentuk bahasa jawa




ATUR PANGIRING

Alhamdulillah puji syukur dhumateng tuhan YME kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kula saged ngerampungaken makalah punika.
Makalah menika dipunserat kagem tugas saking mata kuliah Morfologi. Makalah menika nggadahi irah-irahan “ngenani panambang – ake
Panyerat mangertosi bilih pandhapuking makalah punika tartemtu kathah ingkang sisip, tebih saking sampurna. Pramila saking menika panyaruwe saha sumbang surung para lebda ing basa, panyerat tansah ngantu-antu lan ngaturaken gunging panuwun.

 


Surabaya, 8 Desember 2014

 

BAB I
PURWAKA


A.    LELANDHESAN PANLITEN

Perlu dipunmangertosi bilih basa menika syarat wajib dipunsinaoni kagem komukasi manungsa setunggal kalihan setunggalipun wonten lingkungan masyarakat utawi lingkungan umum, kados ta griya, sekolah, kampus, halte, terminal, pasar ugi sapanunggalane. Ing dhuwur sampun dipunsebataken basa menika wajib, pramila saking menika perlu pasinaon ngenani morfologi, amargi wonten bab menika wonten prosesipun kados ta panambahan afiks, pangulangan, panggabungan saha pangowahan status.
saking jinis proses morfologi menika, panambahan afiks mliginipun ngenani panambang utawi akhiran (sufiks) bakal rinembag ing sajroning makalah menika. Panambang utawa akhiran (sufiks) menika imbuhan ingkang dumunung wonten inng wingking tembung. Panulisanipun kudu sinambung rapet kalian tembung ingkang wonten ing sisih kiwane (serangkai) lan mboten pareng kapisah. Panambang ing Basa Jawi cacahe kathah sanget, tuladhane -i, -a, -e, en, -an, -na, -ana, -ane, lan –ake, wonten makalah menika ingkang dipunsinaoni menika panambang –ake.


B.     UNDERING PANLITEN

Undering panliten ing sajroning makalah menika :

1.      Menapa tegese panambang?
2.      Pangerten panambang -ake kalihan wujude panambang -ake?
3.      Tuladhane miturut fungsi gramatikal?

C.    TUJUWAN PANLITEN

Tujuwan saing panulisan makalah menika:

1.      Tegese panambang
2.      Panambang  -ake kalihan wewujudane panambang -ake
3.      Tuladhane miturut fungsi gramatikal utawa fungsi sintaksis


BAB II

1.1              Panambang

Panambang utawa akhiran (sufiks) yaiku imbuhan sing dumunung ing buri tembung. Panulisane kudu sumambung rapet karo tembung kang ana ing sisi kiwane lan ora kena kapisah. Panambang ing basa jawa cacahe aeh banget, kayata –I, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ake.

2.1       Panambang -ake
Sufiks –ake duwe loro wujud alomorf kayata -ake lan -kake. Panambang -ake jalaran tembung lingga dipungkasi karo konsonan. Banjur panambang -kake jalaran tembung lingga dipungkasi vocal sarta ngrubah vocal akhirane tembung lingga. Jinising tembung lingga kang pungkasane -n ngalami owah-owahan tembung ingkang dipungkasi vocal. Sufiks -ake kudu gawe basa ngoko lan nduweni fungsi wuwuhan kang rumaket ing ngarepe tembung kriya kang transitif.

2.2       Wujud panambang -ake :
·      Tembung lingga kang pungkasane awujud vokal lan dipanambangi –ake bakal malih dadi –kake, vokal kang pungkasane -u dipanambangi ake, u owah dadi -okake, dudu –ukake, lan vokal -I yen dipanambangi ake, u owah dadi -ekake, dudu –ikake.
1.    -ake + gawa ( tembung kriya )
a.       Bentuk
Tembung gawa sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi gawakake.
b.      Makna
Tembung gawa nduweni makna nggawa samubarang. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi gawakake lan maknane owah dadi nggawa samubarang kanggo kaperluan utawa kapentingane wong liya.
c.       Fungsi

Tuladha ing ndhuwur ngalami proses infleksi amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kriya dadi tembung kriya.
2.                –ake + gedhe (tembung kahanan)
a.       Bentuk
Tembung gedhe sawise oleh panambanag -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi gedhekake.
b.      Makna
Tembung  gedhe nduweni makna samubarang kang katon gedhe. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi gedhekake lan maknane owah dadi ngongkong pawongan nglakoni pakaryan.
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses Derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kahanan dadi tembung kriya.
3.                –ake + sapu  (tembung aran)
a.       Bentuk
Tembung sapu sawise oleh panambanag -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi sapokake.
b.      Makna
Tembung  sapu nduweni makna aran kang kanggo ngresiki latar/ panggonan. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi sapokake lan maknane owah dadi ngongkong pawongan nglakoni pakaryan nyapu.
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses Derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung aran dadi tembung kriya
4.                –ake + tali  (tembung aran)
a.       Bentuk
Tembung tali sawise oleh panambanag -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi talekake.
b.      Makna
Tembung  tali nduweni makna barang kang kena gawe nail samubarang. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi talekake lan nduweni makna ngongkong pawongan nglakoni pakaryan nail barang.
c.       Fungsi
Tembung ing ndhuwur ngalami proses Derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung aran dadi tembung kriya


·      Tembung lingga kang wekasane awujud konsonan lan dipanambangi –ake, panulisane ajeg ora ngalami owah-owahan apa-apa.
1.    -ake + silih ( tembung kriya)
a.       Bentuk
Tembung silih sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi silihake.
b.      Makna
Tembung silih nduweni makna nyilih samubarang. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi silihake lan maknane owah dadi nyilih samubarang kanggo kaperluan utawa kapentingane wong liya.
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses infleksi amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kriya dadi tembung kriya.
2.    -ake + pecok (tembung aran)
a.       Bentuk
Tembung pecok sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi pecokake.
b.      Makna
Tembung  pecok nduweni makna barang kang kena gawe nugel kayu. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi pecokake lan nduweni makna ngongkong pawongan nglakoni pakaryan mecok barang.
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung aran dadi tembung kriya.
3.    -ake + pacul (tembung aran)
a.       Bentuk
Tembung pacul sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi paculake.
b.      Makna
Tembung  pacul nduweni makna barang kang kena gawe ngeduk lemah. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi maculake lan nduweni makna nglakoni pakaryan kanggo wong liya.
a.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung aran dadi tembung kriya.
4.    -ake + panasake (tembung kahanan)
a.       Bentuk
Tembung panas sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi panasake.
b.      Makna
Tembung  panas nduweni makna rasa lara ing awak. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi panasake lan nduweni makna nglakoni pakaryan utawa ndadekake samubarang supaya dadi panas.
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kahanan dadi tembung kriya.

·      Tembung kang wekasane wujude aksara n lan dipanambangi –ake, panulisane ngalami owah-owahan yaiku wekasane dadi vokal.
1.    -ake + dandan ( tembung kriya)
a.       Bentuk
Tembung dandan sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi dandakake.
b.      Makna
Tembung dandan nduweni makna ndandani utawa ngapiki samubarang. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi dandakake lan maknane owah dadi ngongkon wong liya nglakoni pakaryan kaya kang sinebut ing bentuk dhasare utawa ndandani (imperatif).
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses infleksi amarga ora ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kriya dadi tembung kriya.
2.      -ake + perban  (tembung aran)
a.       Bentuk
Tembung perban sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi perbakake.
b.      Makna
Tembung  perban nduweni makna barang kang kena gawe mbebel wong kang catu. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi perbakake lan nduweni makna ngongkong pawongan nglakoni pakaryan merban.
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung aran dadi tembung kriya.

·      Tembung kang bentuk dhasare arupa tembung kaanan, nalika ditambahi karo panambang utawa sufiks –ake bisa nduweni teges kausatif (nggawe samubarang dadi .... )
1.    -ake + cilik
a.       Bentuk
Tembung cilik sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi cilikake.
b.      Makna
Tembung cilik nduweni makna sipat utawa kaanane samubarang kang cilik. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi cilikake lan maknane owah dadi ndadekake utawa nggawe samubarang dadi kaya kang sinebut ing bentuk dhasare utawa cilik.
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kaanan dadi tembung kriya.
2.    -ake + adhem
a.       Bentuk
Tembung adhem sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi adhemake.
b.      Makna
Tembung adhem nduweni makna sipat utawa kaanane samubarang kang adhem. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi adhemake lan maknane owah dadi ndadekake utawa nggawe samubarang dadi luwih adhem.
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kaanan dadi tembung kriya.
3.      -ake + alus
a.       Bentuk
Tembung alus sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi alusake.
b.      Makna
Tembung alus  nduweni makna sipat utawa kaanane samubarang kang alus. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi alusake lan maknane owah dadi ndadekake utawa nggawe samubarang dadi luwih alus.
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kaanan dadi tembung kriya.
4.      -ake + dhuwur
a.       Bentuk
Tembung dhuwur sawise oleh sufiks -ake ngalami owah-owahan bentuk dadi alusake.
b.      Makna
Tembung dhuwur nduweni makna sipat utawa kaanane samubarang kang dhuwur. Sawise oleh sufiks -ake malih owah dadi dhuwurake lan maknane owah dadi ndadekake utawa nggawe samubarang dadi luwih dhuwur.
c.       Fungsi
Tuladha ing ndhuwur ngalami proses derivasi amarga ngalami owah-owahan jinis tembung, yaiku saka tembung kaanan dadi tembung kriya.

3.1               Tuladha konfik  (N-/di ) /  ake  kanthi fungsi gramatikal

1.       Anik  ndelikake  buku harian  sajak primen banget
   J           W                 L                                        K
·         Bentuk
Saka tembung delik kena konfik (N-) - ake
·         Makna
nglakoni  tindakan ndelekne samubarang
·         Fungsi
Infleksi, amarga ora owah jinise, saka tembung kriya panggah dadi tembung kriya


2.       Akeh conto  sing dicritakake  ibune
     J                         W                            L
·         Bentuk
Saka tembung crita kena konfik (di-) - ake
·         Makna
Ngrungokake crita
·         Fungsi
Infleksi, amarga ora owah jinise, saka tembung kriya panggah dadi tembung kriya


3.       Anik  ninggalake  Jaenuri
  J            W                 L
·         Bentuk
Saka tembung tinggal kena konfik (N-) - ake
·         Makna
nglakoni  tindakan ninggal pawongan (jaenuri)
·         Fungsi
Infleksi, amarga ora owah jinise, saka tembung kriya panggah dadi tembung kriya


4.       Nurcahya nglakokake sedhan alus
       J                   W                  L
·         Bentuk
Saka tembung laku kena konfik (N-) - ake
·         Makna
nglakoni  tindakan mlakokne (sedhan)
·         Fungsi
Infleksi, amarga ora owah jinise, saka tembung kriya panggah dadi tembung kriya


5.       Nurcahya mbukak lawang
      J                  W       L
·         Bentuk
Saka tembung buka kena konfik (N-) - ake
·         Makna
nglakoni  tindakan mbukak (lawang)
·         Fungsi
Infleksi, amarga ora owah jinise, saka tembung kriya panggah dadi tembung kriya


6.       Gunar nyervisake hp
    J              W             L
·         Bentuk
Saka tembung servis kena konfik (N-) - ake
·         Makna
nglakoni  tindakan nyervis ( hape)
·         Fungsi
Infleksi, amarga ora owah jinise, saka tembung kriya panggah dadi tembung kriya

 


BAB III
PANUTUP

3.1 DUDUTAN
                          Saking andharan wonten nginggil kala wau saged kapundhut dudutan ingkang kados mekaten. Sufiks{-ake}wonten basa jawi nggadah wujud kalihan proses ingkang kathah.

3.2 pamrayuga
Mugi-mugi makalah menika saged migunani para pamaos saha referensi tumrap para pamaos kang ngawontenaken panliten ngenani sufiks (-ake). Panulis ngrumangsani, taksih perlu kritik ugi saran ngenani babagan ingkang dipunbahasa menika.


                  

DAFTAR KAPUSTAKAN

Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka. 2011. Paramasastra Jawa Gagrag Anyar. Jakarta: Yayasan Paramalingua.
Murdiyanto. 2001. Morfologi Bahasa Jawa. -
Jaya Baya edisi 11 minggu III Nopember 2014

2 comments:

Puisi malam said...

Inggih Mas Matur Nuwun. mugi-mugi kita sedaya tambah pengalamanipun.

ilmu dasar kehidupan said...

Inggih sami-sami mas.. mugi tansah migunani tumrap kita sedaya

Total Pageviews

anti block

G.ads