Sebagian cerita dari Mahabarata ialah ketika para Pandawa tiba di Kerajaan Wiratha dengan penyamarannya. Cerita tersebut terangkum dalam Wiratha Parwa. Singkat cerita ketika Pandawa kaah memainkan dadu dengan kurawa, sehingga menerima hukuan salah satunya menyamar di kerajaan orang lain.
Berikut rigkasan cerita Wiratha Parwa dalam bahasa Jawa.
Wiratha Parwa
Nalika Pandhawa kalah dadu lumawan
Kurawa. Limang sedulur kuwi kena ukuman
nyingit rolas taun ing alas gung liwang-liwung lan setahun mlebeng kutha gedhe
tanpa ana sing ngaweruhi. Rolas taun wus kaliwat nganti Pandhawa mlebu
ing kutha Wiratha. Sejatine Kedhaton Wiratha duweke eyange para Pandhawa,
amarga kena ukuman ora nuduhake yen dheweke kuwi para pandhawa.
Pambarep pandhawa, Prabu Puntadewa
ganti aran dadi Dwijakangka lurah pasar. Werkudara dadi Jagal Billawa, Arjuna
dadi Werhatnala wandu gru tari, Nakula, Sadewa arane Tantripala, Palaganthi dadi
tukang ngarit lan ngingoni raja kaya, lan
Dewi Drupadi ganti aran dadi Emban Salindri.
Ratu Wiratha kang peparab Prabu Matswapati lagi bingung merga wis ngiyani sadulure sing
ora liya Kincaka, Rupakenca, lan Rajamala kanggo adu manungsa, sabda pandita
ratu ora kena wola-wali, dadi sang Prabu Matswapati kudu bisa nganakake adon
jago manungsa.
Sasuwene iki panjengane durung antuk
jago kanggo ngalahake jagone Kincakarupa sing ora liya Rajamala, yen nganti ora
ana jago utawa jago saka wiratha kalah, Kraton Wiratha bakal dijaluk dening
Kincakarupa. Ora suwe saka kuwi Seta sowan karo
nggawa Jago kang jejuluk Bilawa. BIlawa nyagahi
dadi jagone Wiratha lumayan Rajamala. Janget cinancang wus siyap. Wong loro
padha gagah perkusa lan sekti. Jejeg padha jejeg, tinju lawan tinju. Rajamala
katon kalah ing kunu, sanalika kajojoh kuku pancanakane sang Bilawa ambruk
Rajamala. Ora adoh saka adon-adon balane prabu Susarman gawe kisruh nyerang
Wiratha. Nanging bisa diatasi dening Utara, Wratsangka, lan Seta.
Kincaka lan
Rupakenca bingung amarga ngeruhi kahanan iki, kamangka Rajamala ora bakal kalah
apa maneh tekaning pati yen ora mungsuh tedhak turning Palasara. Ing tengah
kabingungan dheweke ngerti Kenya kang ayu sing ora liya Salindri. KIncaka
kepincut marang sulistyaing Salindri. Dheweke arep ngepek bojo, nanging
Salindri njaluk panyuwun. Ing tengah wengi Kincaka lan Rupakenca dikongkon teka
ing cedhake tembok dhuwur ing kana ana Gandruwo gedhe, yen bisa ngalahake
gandruwo Salindri bakal gelem dipek bojo.
Kincaka lan
Rupakenca tekan ing tembok dhuwur, dumadak pawongan gedhe uga marani tekane
wong loro. Perang antarane wong-wong kuwi. Gandruwo kuwi yaiku Bilawa. Kineplek
sang Rupakenca lan Kincaka mati sanalika.
Ngastina
pinimpin dening Prabu Duryudana duwe niyat ala kanggo nggempur Wiratha,
diampngi prabu Susaraman padha nyerang WIratha. Utara ora saguh ngadhepi
kridhane Ngastina, Werhatnala kang ngerti kahanan kuwi banjur gage njupuk
telung piandel sing dibungkus disingitne ng wana. Kang Kapisan lumawan Prabu
Karna. Kapindo nyerang para wadyane Ngastina. Mundur sanalika. Susarman lumawan
Prabu Matswapati. Padha lungite lan kuwate, amarga kalah prigel Prabu
Matswapati kalah semaput, den tulungi kalawan Bima. Prabu Susarman ora bisa
nandingi kridane Bilawa.
Musuh kabeh
kang nggempur Wiratha padha mundur, Prabu Matswapati nganakake sukuran lan
ngaturaken agunge panuwun dhumateng Gusti Kang Akraya Jagad. Kanggka njlentrehake
yen sing mundurake Ngastina kuw adhine Werhatnala lan sing ngalahake Prabu
Susarman kuwi Billawa. Prabu Matswapati duka sanalika kinepruk mustakane
kanggka. Getih putih tumetes. Bilawa lan Salindrii marani lan nggawa Kanggka
metu saka sitinggil. Utara njlentrehake menyang rama yen sejatine lurah pasar
Dwijakangka kuw Puntadewa, Bilawa jagal ing desa pajagalan kuwi Werkudara, si
Wandu guru tari ora liya Arjuna. Tukang ngarit lan ngingoni rajakaya kuwi
Nakula lan Sadewa. Embane dewi Utari sing jenennge Salindri kuwi ora liya Dewi
rupadi. Sedih ngrungokake andharan saka Utara. Prabu Matswapati getun banget
merga wis ngepruk sirah putune dhewe, Sang prabu anyusul putune lan menehi
bebana kang gedhe, Kraton Wiratha saguh ngewangi Panddhawa kanggo perang Bratayuda
lan si Utari diwenehake marang Arjuna sing bakal dadi garwane Abimanyu.