Contoh pidato bahasa jawa
-Wigatining Unggah - ungguh
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sugeng dalu sederek ingkang sami rawuh,
Ingkang kinurmatan bapak ………. sarta Bapak ……..
Bapak/ibu ………………..ingkang dhahat kinabekten
Bapak/ibu……………….ingkang kula urmati.
Saha para masyarakat ingkang kula kurmati.
Puja lan puji tansah konjuk dhumateng ngarsanipun
Gusti ingkang murbeng dumadi,
ingkang sampun paring kasarasan,
karaharjan, kasantosan ugi katentreman dhateng kula kalihan panjenengan sedaya,
saengga kita saged ngrawuhi adicara menika kanthi boten wonten alangan setunggal menapa. Salajengipun, sholawat saha
salam tansah katuraken dhumateng
junjungan kita Nabi Muhamad
SAW, ingkang sampun dados patuladhan
kagem sedaya umat ugi kita
tansah
antu-antu syafaatipun ing akhirat
mangke.
Keparenga
kula Wisnu Prasetyo B. mahasiswa saking jurusan
pendhidhikan basa jawi, fakultas basal lan sastra, universitas negeri Surabaya, bilih aslinipun kula
menika saking mojokerto, kecamatanipun Gondang, kula ngaturaken agunging
panuwun dhumateng para rawuh sedaya, amargi
sampun
kersa ngrawuhi adi cara menika.
Inggih, para sederek kados pundi pawatosipun, piye
kabare ? sae ta..? mugi dalu menika kula kalihan panjenengan sedaya sehat
walafiyat,
Para
rawuh sedaya ingkang kula kurmati, Keparenga
dhateng ngriki, . kula badhe medharaken menapa ingkang dados
ancasipun ing adicara menika. kita
minangka masyarakat nggadhahi tanggel jawab wonten bangsa lan Negara,
tumrapipun dados pamudha jawa. Kados pundi usaha kita dados tiyang jawa ingkang
jawani.
Wonten ngriki kula nggadhah tujuwan lan kawigatosan,
bilih dados pamudha jawa menika kedah mangertos ngenani wigatosipun unggah –
ungguh basa wonten bebrayan tumrapiun kagem pra mudha. Para rawuh sedaya
ingkang sami bagya ,
Ing bebrayan sampun asring kepireng tetembungan unggah-ungguh. Napa ta Tegesipun unggah-ungguh, nggih bakunipun menika sopan santun, tata krama. Tiyang Jawa samenika kathah ingkang ngarani
menawi lare enem sampun boten anggadahi unggah-ungguh malih. Awit menapa lare samenika tindak lakunipun kedah sarwi cepet, amargi nguber kabutuhan gesangipun, ngginakaken paugeran cepet-cepet angger slamet. boten kados tiyang jaman riyin ingkang gadhah pathokan nguler kambang, alon-alon
waton kelakon, kebat kliwat
Kanthi
lumampahipun wekdal saha jaman, mesthi wonten owah gingsir kahanan, amargi tuwuh kahanan enggal utawi sangsaya majun teknologi bakal
nuwuhaken owah-owahan. Menapa menika owah-owahan sikap, napa tindak tanduk
Kahanan
kados menika
nyababaken basa jawa ngalami owah ginhsir, saged2 ngalami ilang musna kados
basa jawi kuna ingkang jaman samenika tiyang jawi boten mangertos. Samnika kathah lare ngatos tiyang
ingkang sampun boten ngertos basa jawi malih, ngrtosipun nggih naming
capet-capet, napa malih basa ingkang inggil.
Kadang-kadang kula ingkag samii rawuh
Namung ngengetaken dhaten
panjenegan kemawon, sajroning unggah- ungguh menika wonten pangginan basa
ingkng perlu dipunmangertosi, kados ta
1. Basa Ngoko kadadosan saking Ngoko Lugu saha Ngoko Andhap (Ngoko Alus) .
2. Basa Krama kadadosan saking Krama Lugu lan Krama Andhap (Krama Alus). Basa Krama Andhap (krama Alus ) kaya Mudha Krama. Kenging menapa naminipun mudha krama? Amargi basa Mudha Krama menika kramanipun lare enem dhateng tiyng sepuh. Wong Jawa nggadah watak ngajeni tiyang kang dipunjak guneman saha ngasoraken piyambak, ngagem basa Ngoko Alus utawi Ngoko Andhap .
2. Basa Krama kadadosan saking Krama Lugu lan Krama Andhap (Krama Alus). Basa Krama Andhap (krama Alus ) kaya Mudha Krama. Kenging menapa naminipun mudha krama? Amargi basa Mudha Krama menika kramanipun lare enem dhateng tiyng sepuh. Wong Jawa nggadah watak ngajeni tiyang kang dipunjak guneman saha ngasoraken piyambak, ngagem basa Ngoko Alus utawi Ngoko Andhap .
Para kadang ingkang
kula kurmati
Wonten pundi dununge unggah-ungguh samenika?
Wonten salah
seungale tiyang ingkang nggadah
pamanggih, menawi kirang setuju mriksani
tiyang sepuh ngendikan kalih putranipun ngagem basa jawa, boten amargi
basanipun ingkang lepat, namung pangginakipun basa ingkang dados perkais,
tiyang sepuh menika ngginakaken basa ngoko dhateng putra kang taksih alit.
Pancen sejatosipun ungah ungguh basa jawi bilih tiyang sepuh ngendikan dhateng
lare ingkang enem saged ngagem basa ngoko, namung menika putrane saha taksih
alit, minangka tiyang sepuh amrih sae ngajaraken basa dhateng putranipun
piyambak kanthi ngginakaken basa krama, utawi ngoko alus.
Kanthi cara menika putra saged nyinaoni ugi nirokaken napa ingkang
dipunngendikakaken dening tiyang sepuh.
Kerep
kapirsa interaksi sajroning tiyang sepuh kalih putanipun, taksih kathah putra
ngginakaken basa ngoko lugu utawi andhap,
mireng kados mekaten tiyang sanes mung saged nggumun, nggedeg2, dalah
ambegan gedhe. Wonten bebrayan ugi kerep kepiren mnawi tiyang sepuh nimbali
putraanipun ngagem tembung kowe,koen,
tembung menika fatal, amargi ndadosaken putra saya boten gadah unggah2, awit
menapa, tuladhanipun. “ si embok ngemdikan, “ar, koen wis mangan ndang?, inggih
mesthi kemawon putra nggih wangsuli, durung mak. Engkok ae…. la pun cetha
mekaten ta,.. langkung sae menawi nimbali kanthi sesulih tembung mas, mbak, dik..
Para kadang
sedaya
Kula badhe
nyuwun pirsa dhateng panjenengan, menapa panjenengan setuju menawi unggah –
unggah saya lami malah saya risak? Napa
setuju ?
La kula saha
panjenengan sedaya menika minangka generasi panerusipun jaman, boten wonten
lepatipun ta ngginakaken unggah ungguh basa jawi ingkang sampun dipunajarkan
dhateng kita awit kula saha panjenengan sedaya taksih alit nalikanipun sinau
ngomong, sasanesipun minangka tat krama kagem interaksi, namung ud=gi minanka
tandha kita nresnani budaya jawi, dados, bilih mangke sampun ngulawarga saha
nggadah momongan nalikanipun ngginakaken basa jawi ingkang dados padinan, amrih
sae menawi putra dipunajari basa jawa krama, krama andhap ugi krama inggil.
Awit menapa unggah unggah menika wigati sanget, amargi namung unggah – unggah
ingkang dados jari dhirinipun tiyang jawi. Menawi boten wonten unggah2. Malah
dados unen-unen “ wong jawa ilang jawane”
Para
rawuh sedaya menika ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenengan sedaya.
Saking menapa ingkang kula aturaken kala wau, saged dipundudut bilih wigatosipun unggah ungguh menika damel bentenaken
budaya kita kalihan budayanipun negari sanes. Sanesipun kagem tata krama sajroning bebrayan ugi
nglestantonaken budaya jawi.
Kula
tegesaken malih, bilih unggah-ungguh
ing jaman samnika sansaya sekedhik ingkang ngginaken.
Menawi boten kita ingkang miwiti, sinten
malih,
awit menapa samenika kathah ingkang tiyang jawa ical
jawanipun, wong jawa ilang jawane.
Saking punapa ingkang kula aturaken menawi
wonten solah bawa kula, pangucap kula
lan panemu ingkang boten mranani ing manahipun
panjenengan sedaya,
kula aturaken
agunging pangaksami dhumateng para
rawuh sedaya.
Para rawuh ingkang kinurmatan. Kula ngaturaken
agunging panuwun dhumateng panjenenga sedaya, dene kula saged ngaturaken punapa
ingkang dados ancasipun adicara menika.
Mugi-mugi panjenengan sedaya tansah pinaringan
kasarasan lan kinurmatan saking Gusti Alloh, lan mugi-mugi ing wekdal samangke
kita taksih saged dipunsukani kesempatan ngempal kadosta adicara menika.
Cekap menika ingkang saged kula aturaken. Sugeng dalu. Asalamualaikum
wr.wb